Kaca:Babad Solo.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

* GAMELAN SEKATEN

Nalika jaman Mataram, ing sajunenengdalem nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Agung Prabu Anyakrakusumo (ingkang dangunipun 32 taun), panjenenganipun boten kendhat-kendhat andhawuhaken dhateng para raja, pangéran sarta adipati pangagenging tanah Jawi, sarta para tetiyang ing bawah wewengkonipun piyanbak-piyambak, supados sami anetepi anggènipun nglampahi agami Islam.

Saking karsadalem Kangjeng Sultan, dinten garebeg ingkang kadamel ageng piyambak punika Garebeg Hulud mawi angungelaken gamelan Sekatèn ing palataraning Masjid Ageng.

Kabekta kepingin ngluhuraken asarming Kangjeng Nabi Muhammad, pramila para raja, pangéran tuwin adipati mancanagara sami pepak séba dhateng Mataram lan angaturaken bulu-bekti glondhong pangareng-areng saben dinten garebeg Mulud. Manawi jaman sapunika dipun wastani "pasok pajeg" utawi pasok wulu pamedaling papanipun piyambak-piyambak. Minangka lintunipun kénging kapasokan ujud arta.

Kawontenan punika nalika jaman Majapahit sampun wonten, namung kémawon kawontenaken saben wiwit tahun énggal. Para pangageng sami séba ingarsanipun Ratu Binathara. Punika dipun wastani amemulé Rajawéddha.

Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan tanpa kendhat anggènipun amamayu tata-adil, raharja, saha santosaning praja. Kangjeng Sultan Agung punika pranyata ratu waliullah binathara, ambeg darma marta tama, karem ulah puja brata, lan waskitha sak obah-osiking jagad. Karsadalem iyasa gamelan minangka kanggé pakurmatan dinten ageng Mulud Nabi, ingkang katabuh sataun sapisan ing palataraning Masjid Ageng.

Saking karsadalem, gamelan punika wau namung kawujudaken arupi balungan thok aluran ageng, kadamel kandel wilahipun supados manawi katabuh seru sora gumantang suwantenipun ngantos kapireng saking katebihan. Larasipun Pélog, cacahipun saprangkat. Menggah parincèning gamelan punika kados ingandhap punika :

  1. Bonang ageng – sarancak
  2. Demung – cacah 2 iji
  3. Barung – cacah 2 iji