Kaca:Babad Solo.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
8

dadi sekaring lathi. Sarèhning kang ngandharaké mula bukané mau Kyahi Gedhé Sala, mulané sake panimbanging udanagara, Kyai Gedhé Sala kabener anampani sisirah dhuwit, kèhé saleksa ringgit, minangka liliruné pulo kang dadi désa taken rawané."

Enggaling carios, Kyahi Gedhé Sala sampun anampèni kucah dalem arta kathahipun saleksa ringgit. Sarang sampun katingal arta langkung kathah, in manah marwata suta, lajeng nyuwun lilah-dalem tumindak ing damel amepeti telenging rawa. Ingkang Sinuwun ngidini.

 Kyahi Gedhé Sala manekung wonten daganipun Kyahi Bathang katrimah panekungipun; kaparingan sarana warni Sekar dalima sarta kaliyan godhong lumbu, lajeng kacemplung aken salebeting kedhung. Lajeng angerigaken tiyang pinten pinten. Tiyang sami rinoban ing arta, sami tumandang. Sanalika radi pampet toyanipun, nanging toyanipun dèrèng kèndel ilinipun. Lajeng katumpangan Ingkang Sinuwun munajat ing madya ratri wonten satepining toya. Lajeng mirut ilining toya, kantun membleg-membleg kémawon ngantos sapriki. Sarta lankung angker (gawat) saking patilasanipun Ingkang Sinuwun nalika karsa munajat wonten ingriku.

 Enggaling carios sampun paripurna. Ing nalika Ingkang Sinuwun munajat, boten wonten ingkang nyumerepi kajawi Pangéran Wijil kaliyan Kyahi Yasadipura, ingkang lajeng andhèrèk munajat ing pengkeran-dalem.

 Wekdal Kyahi Gedhé Sala masang isarat ron lumbu kaliyan sekar dalima, sareng dhumawah telenging toya, tumunten asat. Lajeng kathukulan witing lumbu. Katelah dumugi sapunika sareng dados pakampungan karanipun kampung KEDHUNG LUMBU.

 Sasampunipun makaten, lajeng waradin siti tumumpang bawéra. Lajeng cinengkal ukuring nagari déning tuwan Mayor Baron Van Hohendorff, kanthi Patih Adipati Pringgalaya, Kyahi Tumenggung Hanggawangsa, Kyhai Tumenggung Mangkuyuda tuwin Kyahi Tumenggung Tirtawiguna.

 Ingkang nyipat kencenging Karaton Pangéran Wijil kanthi Kyahi Kalipah Buyut.

 Ingkang ngukur adu manising Karaton Kyahi Yasadipura kaliyan Kyahi Tohjaya. Sampun rampung karanganipun. Saking dhawuh-dalem siti Talawangi kadhawuhan andhudhuki kanggé angurug Kadhaton.