Kaca:Babad Solo.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
7

isèning samodra. Sadaya ingkang tumandang sami giris, angunduri. Kyahi Tohjaya miwah Kyahi Yasadipura sakalangkung sungkawa. Pangéran Wijil lan para alim sadaya tansah mbudi sarana, nanging boten kandheg agenging toya.

 Pangéran Wijil sarta Kyahi Yasadipura sami menekung wonten sawétaning telenging rawa, ingkang kaleres sakiduling Kedhung Kol. Cinarios anggènipun manekung Pangéran Wijil sarta Kyahi Yasadipura ngantos pitung dinten pitung dalu boten dhahar boten saré, lajeng amiyarsa swara makaten :

 “Hèh kang mangun subrata. Wruhanira, teleng iku mulané ora bisa pampet, amarga tembusané Sagara Kidul. Déné yèn sira udi pampoté teleng mau, kang dadi saranane : Tambalen GONG Kyahi SEKAR DLIMA (Sekar Dalima) karo “RONING LUMBU lawan SIRAHING TALÈDHÈK. Ing kono bisa pampet telengé, ananging ing tembé dadi kedhung ora nili ora asat, ajeg banyuné; ora kena dipampet salawas-lawasé."

Telas ujaring swara, Pangéran Wijil miwah Kyahi Yasadipura lajeng sami amudhar puja bratanipun. Wekasan Pangéran Wijil ngandika dhateng Kyahi Yasadipura bisik-bisik: nyariosaken anggènipun angsal wisikipun Sang Hyang Suksma Kawekas, sampun kacariosaken sadaya. Ingkang jinarwan langkung suka. Pangéran Wijil lajeng dhawuh dhateng Kyahi Yasadipura :

 "Bésuk iki yèn wus dadi praja, kowé bebakala nèng sakiduling Kedhung Kol. Sapa-sapa kang omah ing kono, anak putuné teken buyuté pada bisa negar sarta rosa santosa."

Kyahi Yasadipura angèstokaken.

Kacarios anggènipun tampi wisik Pangéran Wijil kala malem Anggara Kasih wulan Sapar kaping 29, ing tahun Jimawal angka 1669.

 "Sareng bangun énjing lajeng mantuk, angunjuki wuninga ing Sang Nata. Punapa kawontenanipun kaunjukaken sadaya. Sareng sang Nata nampèni unjukipun prayagung kekalih wan, kèndel sawatawis lajeng angandika makaten :

 "TALEDHEK iku dhuwit ringgit, tegesé: saleksa. Déné GONG iku tegesé: gangsa, lambé. Lambé iku uni. Wutuhing bebasan: kérasan gong Kyahi Sekardalima,