Kaca:Babad Solo.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
77
  • TAMAN SRIWEDARI

 Miturut sejarah sadèrèngipun wonten Taman Sriwedari, papan ngriku nama dhusun Talawangi; samangké nana kampung Kadipala. Watesipun ing sisih lèr: margi ageng Purwosari (sapunika nana Jalan Slametriyadi) ; ing sisih kilèn : margi Hangunjayan (sapunika nama Jalan Bayangkara) ; ingkang sisih wétan : margi Pasarkembang (sapunika nama Jalan Honggowongso) ; déné ing sisih kidul : margi ageng Baron (sapunika nama Jalan Dr Rajiman), inggih punika margi ageng ingkang sepuh piyambak ing kitha Sala, awit punika margi ingkang pandamelipun nalika badhé pindhahanipun nagari Kartasura dhateng ing dhusun Sala ingkang kadamel Kraton énggal.

 Sak eléripun margi ageng ngajeng Sriwedari punika, wonten dhusun Gumuk, kabekta kala rumiyin ing papan ngriku kathah punthuk-punthukipun ngatos dados gumukan, pramila papan punika lajeng kanamakaken kampung Gumuk.

 Déné dhusun sakilènipun Gumuk punika namanipun Genthan Lèr, nanging sareng kagem dalemipun Pangéran Mangkubumi lajeng karan kampung Mangkubumèn.

 Sakidulipun Gumuk pinggir margi ageng kaleres ngajeng Taman Sriwedari, nalika jaman samanten wonten witipun Béndha ageng ayom; ingkang sakéca kanggé ngéyub ing mangsa bentèr. Panggéngan punika lajeng karan Béndha, kanggé halte trèm ingkang saking Sangkrah dhateng Purwasari. Kala rumiyin sepur punika saking Purwasari mengétan dumugi Galandhag, lajeng ménggok mangalèr medal ngajeng Bètèng, terus Pasar Gedhé mangalèr dhateng stasiun Jèbrès. Hanging sareng dumugi jamanipun Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara kaping VI, lampahipun sepur trèm wau kapindhah, saking Purwasari mangétan dumugi Sangkrah, terus mangétan ngidul dumugi Baturetna nglangkungi Sukaharja, Nguter lan Wanagiri.

 Nalika pindhahipun Karaton Surakarta ing tahun 1745, ing Sala taksih kathah siti ingkang mluwa saka papan ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping X (1893-1939) sampun reja. Ingkang ngasta pusaraning praja nagari Surakarta Pepatihdalem Kangjeng Raden Adipati