Kaca:Babad Solo.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
75
  • PAGER CEPURING KADHATON

 Kala rumiyin Karaton-dalem punika dipun ubengi pager banon kandelipun kalih méter, karan bètèngipun Karaton-dalem. Korinipun namung kalih: Brajanala Lèr kaliyan Brajanala Kidul. Ing tahun 1903 pager banon Baluwarti punika dipun elar mangétan, mangilèn sarta mangidul ngubengi Karaton. Ing sisih wétan saha kilèn dipun tambahi Kori Butulan nyatunggal. Rampungipun ing tanggal 23 Jumadilawal Wawu 1833 utawi tanggal 19 Juni 1903.


  • BETENG

 Bètèng Kumpeni ing Sala punika namanipun "Vastenburg", anggènipun damel wiwit tahun 1775 dumugi tahun 1779 (Masèhi). Kala rumiyin sangajenging bètèng - sakiwa-tengening margi ingkang malebet dhateng bètèng wau -wonten balumbangipun. Sapunika sampun sirna, lajeng dipun damel patamanan ingkang saé wujudipun.

 Pasitèn ingkang dipun adegi bètèng punika ledhok, mila ing saben mangsa jawah inggih asrih kebanjiran; toyanipun mlebet dhateng bètèng.

 Menggah wewangunaning bètèng punika boten siwah kaliyan bètèng-bètènging Kumpeni sanèsipun, namung kaot ageng kaliyan alitipun kémawon.

 Bètèng wau dipun ubengi jagang tepung gelang. Marginipun malebet medal ngajeng wingking sami mawi kreteg jeplakan. Manawi dalu sasampunipun langkung jam 10 kreteg wau kajeplakaken minggah, dados boten saged dipun langkungi. Kori ingkang ngajeng rinten dalu kajagi ing saradhadhu satunggal, giliran saben jam gentosan. Kori ingkang wingking ugi kajagi, nanging manawi wanci dalu kémawon; manawi siyang boten.

 Ingkang dados pangagenging bètèng punika pangkatipun Kolonel.