Kaca:Babad Solo.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

69

ka naming bangsa asing: Walandi key C. Bangsa kita ingkang purun utawi wantun numpak namang para prayagung utawi para sudagar, awit tiyang alit punika kajawi sani pakewed utawi ajrih, inggih awit saking awising ongkos- ipun.

Kathah tiyang ingkang langkung remen lumampah utasi numpak laréta, dhokar utawi grobag. Lampahing tiyang tv- rut nargi taksih sakéca, auit ing jaman rumiyin turut mar- gi taksih dipun taneni wit-witan ingkang agcag saperlu kanggé pangayoman, sageda katingal éyub lan ayon. Lampah- ing tiyang tentrem ayem, botez kurungsung ing manah. Ja- man rumiyin para tetiyang ingkang gegriya sapinggiriing margi ageng, temtu nyadhiyakaken kendhi utawi genthong ingkang isi toya, kanggé nyawisi tetiyang ingkang sami lumampah tebih.. Tiyang-tiyang tau caged kéndel lan ngom-. bé toya ingkang kacawisaken wau.

Ing tahun 1905 sepur ingkang dipun gèrèd jaran punika dipun gantos kagèrèd loko utawi lokomotif ingkang lampah- ipun mawi tenaga uap utawi setum. Gerbongipun dipum tan- bahi, ngantos 10, sapérangan gerbong kanggé tumpakan ti- yang, lan sapérangan gerbong kanggé wadhah barang.

Nyarengi wekdal punika ing Sala dipun wonteni sepur ageng SS (= Staats Spoorwegen) saking Madiun dhateng Nga- yogya. Ing Jèbrès lajeng dipun degi stasim..

Sepur trèn ingkang sukau naming dumugi 2ètèng ing sa- tengahing kitha lajeng kalajengaken dumugi stasiun Je brès. Lampahipun medal Pasar Gedhé, mangalèr terus duru- gi Pasar Ledhoksari, hekuk mangé tan durugi stasiun Jèbrès.

Sareng sepur trèn punika sampun dipun gèrèd lokomotif uap, tiyang alit lajeng sami wantun numpak sepur trèn pu- nika.

Ing tahun 1916 lampahing sepur trèn punika dipun ré-. bah, Suwau lampahipun nangalèr dumugi stasiun Jèbrès, sa- punika katerusaken mangétan, kèndel wonten ing stasiun Sangkrah (utawi Solo Kota), lajeng katerusaken mangétan mlangkah Bengawan Sala dumugi dhusun Kronèlan. Lajeng katerusaken mangétan ngidul dunugi dhusun Kali Samin. Lajeng mangidul dhateng Sukoharjo, Nguter, Tekaran, te- rus Wonogiri. Saking ngriku mangidul nalih ngantos dumugi Baturetno.