Kaca:Babad Solo.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

67

PEMBANGUNAN ING KITHA SALA


V. TANGGUL KANGGE PANULAKING BEBAYA BANJIR

Ing kitha Sala ing tahun 1900 Masèhi kabangun tanggul kanggé nanggulangi bebaya banjir, dipun saranani nyudhèt Kali Pépé. Ing dhusun Munggung dipun wonteni Pintu Air. Toyanipun Kali Pépé kailèkaken mangétan nglangkungi Kali Anyar (Banjir Kanaal) ing saelèring kitha, ngentos dumugi Bengawan Sala. Kali Pépé ingkang melebet ing kitha ing mangsa rendheng dipun tutup. Ing kampung Demangan, Sangkrah, ugi dipun wonteni Pintu Air. Pintu Air ing Demangan punika manawi mangsa rendheng dipun tutup, supados toya ingkang saking Bengawan boten saged malebet dhateng kitha.

Ing sisih kidul kitha kali Pelemwulung ingkang mili dhateng kitha – ingkang lajeng nama Kali Jenes – kasudhèt mangétan, lajeng nama Kali Tanggul, anjog ing Bengawan medal saelèring dhusun Nusupan.

Déné ingkang katrajang dipun tanggul – wiwit saking kampung Tipès, mangétan dumugi kampung Mipitan lan Semanggi Kidul, lajeng nekuk mangalèr dumugi kampung Suragenèn Wétan kaleres kidul Abbatoir/Pejagalan.

Déné tanggul ingkang sisih elèr wiwit saking saelèring Balékambang ing dhusun Sumber, mangétan dumugi kampung Kenthingan, dados turut pinggir lèpèn. Ing mangsa rendheng ilining toya lèpèn boten mbalèbèr dhateng kitha.

Wragad pambangunan tanggul punika boten sakedhik, kasanggi déning pamarénthah Praja Surakarta kaliyan pamaréntah Praja Mangkunagaran tuwin pamaréntah Walandi. Anggènipun mbangun nalika jamanipun Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping X (1893–1939) kaliyan Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagoro kaping VI (1896–1916).