Kaca:Babad Solo.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
5

 Ingriku Kyahi Sala pinuju dhateng lèpèn; sareng wuninga bathang kasangsang, lajeng kalorogaken manengah dhateng panggénan toya ingkang ilinipun santer. Wanci sonten anggènipun ngilékaken.

 Sareng énjing sampun wangsul melih dhateng panggénanipun kasangsang wau. Ngantos rambah kaping tiga anggènipun ngèlèkaken. tansah wangsul kémawon. Bekel Sala sakalangkung ngungun. Kunarpa lajeng mangsit makaten :

 "Hèh Kyahi. ingsun iki aja sira siya-siya. Becik pitulungana. Pendhemen ana sakuloné désa Sala, amarga kramat ingsun ana sajroning nagara agung karta raharja salawasé tan kena binedhah."

Enggalipun, wangké lajeng kapetak wonten sakilèning dhusun Sala, katelah nama kramat KYAHI BATHANG, sarta saben dinten malem Jumuwah tuwin Anggara Kasih nurub amadhangi dhusun. Lajeng kapepetri ing tiyang kathah minangka popundhèn. Manawi pinuju kasusahan sami nyuwun idi luwaring sungkawa, wusana sami kasembadan mangrih suka raharja, ngantos sapriki taksih ngreda mangunahipun.”

 Kacarios Pangéran Wijil saha Tumenggung Tirtawiguna tuwin Kyahi Kalipah Buyut sarta Mas Pengulu Pekik Ibrahim sami suka ing panggalih, anyipta badhé kasembadan sedyanipun, lajeng sami mangkat dhatong kramatipun Kyahi Bathang.

 Sadumuginipun ingriku sami nyumerepi papan katingal bawéra, asri tiningalan, ananging kuciwanipun celak rawa langkung lebet awiyar. Prayagung sekawan sakalangkung èmeng ing galih, lajeng sami wangsul atur uninga dhumateng Ingkang Sinuwun, kadhèrèkaken Kyahi Gedhé Sala.

 Pangéran Wijil matur sadaya sarèhning dinuta. Ingkang Sinuwun sareng miyarsa, sakalangkung ngungun ing panggalih, lajeng nimbali KYAI TOHJAYA kaliyan KYAHI YASADIPURA sapisan, semi kadhawuhan manah sagedipun dados nagari. Kadhawuhan sami nimbang ing dhusun Sala, angubengi rawa agung sakalangkung saé. Kawawas Tirta Kamandanu ingkang dumunung ingriku, sarta panguda-rasoing panggulih sampun kapanggih :

 “Dhuh Ingkang Sinuwun, dhusun Sala sampun pinanggih, ukuranipun sakalangkung saé, namung ngudi pepetipun ing kang rawa. Manawi sampun pepet, gampil pangukuripan pasiten kekalih wau."