Kaca:Babad Solo.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
49

PRANATAN BADHE LUMEBET ING KARATON JAMAN KINA

Nalika jaman rumiyin para kawula manawi badhè malebet ing alun-alun, wonten ing Kori Gapit dalah wonten selebeting Baluwarti, tumrap para ingkang sami dedunung/gegriya kedah nyingkiri larangan/awisan puniki : *boten kénging nanumpak, *boten kénging linggih kursi, nabuh gangsa mawi gong gandhul, kalebet jagong-jinagong manawi wontén perlu sakedhik kémawon kedah manganggé dhines, nganggé payung, nganggé tudhung, kudhung sinjang, nganggé cripu/srandhal tuwin sarungan; punika mlampah medal ing alun-alun kémawon boten kénging.

 Sintèn tiyangipun ingkang wantun nerak larangan punika lajeng kénging prakawis, kukum.

 Ing tahun 1915 larangan wau dipun icali. Sasampunipun punika nabuh gangsa, linggih kursi, dalah numpak punapa kémawon wonten ing selebeting Baluwarti, boten wonten laranganipun.

 Manut tatanan Karaton Surakarta, sedaya tiyang ingkang badhé lumebet ing Karaton - jaler lan èstri - kedah netepi pranatan rikala jaman kina.

 Sadaya tiyang boten kapareng nganggé rasukan; kedah cucul rasukan. Wiwit para abdidalem ingkang pangkat inggil saha para putra sentana-dalem - mengandhap dumugi tiyang limrah ingkang boten gadhah pangkat - manawi kalebet ing Karaton boten kapareng nganggé rasukan, dados kedah cucul rasukan rumiyin. Anggènipun wiwit cucul rasukan manawi sampun dumugi ing Keri Kamandhungan utawi Kori Srimanganti.

 Pangageman utawi panganggé miturut darajad pangkatipun piyambak-piyambak. Wiwit pangkat Bupati mangandhap dumugi pangkat Lurah sami kasepuhan.

 Manawi Bupati clananipun panjen-panjen, kuluk gilap cemeng.