Kaca:Babad Solo.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
48

Sakidulipun Antisana - dados sagandhèng - wonten panggénan andhap, kawastanan Balé Rata. Sakidulipun malih - ugi dados sagandhèng - pasowanan Baléharja. déné sakilènipun Baléharja, Kantor Ageng; sangajenging Baleharja Régol. Sangajenging Régol dumugi plengkung ingkang lèr: palataran. Sakidul plengkung ingkang sisih wétan: dalem Puspadiningratan. Ingkang sisih kilèn plengkung: Masjid,

Déné saantawisipun dalem Puspadiningratan kaliyan Masjid punika ingkang winastan Pamédan; inggih punika palataran ingkang jawi piyambak.

Pungkasaning Pamédan kapageran tugu kinalungan ranté. Wétan-kilén wonten griya pajagèn, ngajengaken margi ageng: mangétan dumugi Warungpelem, mangilèn dumugi Pasar Legi, kaleres wingking Pura Mangkunagaran.


Katrangan :

Rikala pasukan Walandi ing "Clash II" mlebet kitha Sala (Desember 1948) dalem Kapatihan sapérangan kabesmi. Bibar perang ingriku dipun degi gedung Kejaksaan Negeri Kota-madya Surakarta kaliyan Gedung Konservatori Karawitan Indonesia.