Kaca:Babad Solo.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
3


PINDHAHIPUN KARATON DHATENG SALA
MITURUT SUMBER JAWI


Sejarah Karaton Kartosura pindhah dhateng Karaton
Surakarta “Hadiningrat.

 Kula nuwun, menggah ingkang dados purwaning carios punika nalika alan jumeneng-dalem Sampeyan-dalem Ingkang sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping II, ingkang ngadhaton ing negari Surakarta, salinggaripun saking nagaridalem ing Kartasura déning wontenipun dahuruning praja. Sanajan saged wangsul jumeneng Nata malih, nanging penggalih-dalem sakalangkung singkel (prihatos) angraosaken risaking nagari, saha risaking Keraton-dalem saisinipun, prasasat sirna sadaya. Amila saking kaparenging karsa-dalem badhé pindhah Karaton saking nagari Kartesura;. ing dhusun pundi ingkang proyogi kagen pindhah Karaton wau. Enggaling carios, Sri Naréndra lajeng utusan anitik pasitên mangétan.

 Miturut ingkang kasebat ing serat pèngetan anggitanipun suwargi PANGERAH WIJIL kaping I ing Kadilangu — ingkang sumaré wonten ing Hastana Lawiyan Surakarta, pujangga dalem Sumpeyan-dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana II saha pujangga-dalem Sampêyan-dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwena kaping III — kados ing ngandhap punika:

 Ingkang kautus nitik pasitên ingkang prayogi wau PANGERAN WIJIL; déné ingkang kautus anitik siti ingkang wangi abdidalem Suranata nama KYAHI KALIPAH BUYUT; ingkang kautus numbali badhénipun nagari MAS PANGULU PEKIK IBRAHIH; ingkang kautus masang bakuh-bakuhing praja pujangga KYAHI TIRTAWIGUNA.

 Proyagung sekawan wau sasampunipun mundhi dhawuh pa—