Kaca:Babad Solo.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
25

anyar kang jejuluk SUNAN KUNING. Sri Susushunan Paku Buwana II lolos saka Karaton jalaran dikepung mungsuh, ngungsi menyang tlatah Panaraga nganti kira-kira setengah taun, lan didhampingi déning Pangéran Adipati Anom lan Van Hohendorff. Nanging kaptèn Walanda mau ora suwé tumuli menyang Surabaya, lan saka kana banjur lelayan metu segara menyang Betawi, bapur pemimpiné.

Kumpeni kang ngajègi Semarang ora wani nggempur Kartasura kang wis dibroki Cina. Jarene jalaran wis meh mangsa udan, kang bisa dadi pepalanging paprangan. Nanging jebul PANGERAN CAKRANINGRAT kang bisa nggecak ngunduraké Cina saka Karaton Kartasura, lan genti ngebroki.

Kumpeni kaget, jalaran ora ngira manawa Pangéran saka Madura iku samono kekuwatane. Kajaba iku Walanda uga rumangsa kuwatir weruh kuwanènè Pangéran Cakraningrat. Mula pemimpin Walanda REYNIER DE KLERCK dikirim menyang Surabaya, ngrimuk Pangéran Cakraningrat amrih bali manéh menyang Madura lan masrahaké karaton marang Kumpeni.

Tanggal 21 Désèmber 1742 Sri Susuhunan Paku Buwana II kondur ing Kartasura manèh dikawal Kumpeni. Karaton wis remuk, rusak, lan ora pantes yèn ta dilenggahi Ratu manèh. Sri Susuhunan Paku Buwana II kagungan karsa mindhah karaton menyang ing papan liya.

Taun candhaké layang saka Gupernur Jéndral Johanes Thedens mangkéné : "De Keyzer inclineert zeer om zyne residentieplaats te veranderen, de negory TINKER omtrant Salatiga gelegen, die Soesoehounang tot eene nieuwe residentieplaats komt te stellen, schijnt goed te wezen". Tegesé: "Ingkang Sinuhun kagungan karsa mindhah kutha karajandalen: Wilayah TINGKIR sakiwa-tengené Salatiga kang diusulaké déning ngarsadalem kaya-kaya cocog kanggo iki" (De Jonge, jilid IX, kaca 426)

Ing "Babad Giyanti" yasané pujangga gedhé YASADIPURA nyaritakaké Karaton Kartasura nalika kondhur saka Panaraga lan séba ingadhep para santana sarta nayakaning praja : "miyosira kangjeng sang siniwi datan paé lawan saban-saban duk masih reja jamané. Nanging jro tyas mgendhanu sanitsaya amangonengi risakipun kang praja tanapi kedhaton saisiné rajabrana aprasasat brasthi syuh sirna binasmi déning kang mungsuh Cina ....."