Kaca:Babad Solo.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
18

rejanipun dhusun Sala.

 Menggah griya papan padununganipun Ki Gedhé Sala I kaliyan Ki Gedhé Sala II punika tunggil sapekarangan. Minangka kanggé ancer-ancer wonten sakidul-wétanipun Kali Pépé kaliyan Kali Jenes, kaleres celak kaliyan tempuran, kacetha ingriku wonten KUBURAN KALIH BADAN ingkang boten kopèn ngantos dumugi sapriki. Kuburan wau dados angker lan gawat, saha dados pepundhènipun tiyang ingriku. Kuburan kalih wau miturut cariosipun tiyang ngriku punika kuburanipun tiyang Buddha. Menggah saking pamanggih kula, inggih punika kuburanipun Ki Gedhé Sala Sapisan kaliyan Ki Gedhé Sala Kaping Kalih, cakalbakulipun dhusun Sala.

 Kampung ingriku lajeng karan nama KAMPUNG SANGKRAH, kabekta saking wontenipun bangkéning Radèn Pabélan ingkang kasangsang wonten ing lèpèn ngriku.

 Déné wontenipun kampung nama KALI RAHMAT punika kabekta saking Kali tilas papan bangké wau saged medal kramatipun sasampunipun dipun wonteni baita tambang, kanggé nyambet lampahipun tiyang ingkang sami mlangkah kali ngalèr mangidul, kaliyan mangétan mangilèn. Kanggé sabrenganipun sami numpak baita tambang. Dangu-dangu nama KALI RAHMAT wau lajeng katelah santun pakecakanipun, mungel KALI RAHMAN.

 Bangké manungsa kèli kasangsang nyangkrah wonten ing sangandhaping barongan ori. Tembung NYANGKRAH lajeng dados namaning kampung, inggih punika KAMPUNG SANGKRAH.

 Dhusun Sala ingkang nalika jaman Pajang sampun dados pabandaran, angsal daya kramatipun KYAHI BATHANG (kunarpanipun Raden Pabélan ingkang dipun kubur wonten sakilèning dhusun Sala) dados papan patirakaten ageng. Kathah tiyang saking manca dhusun sami nyenyuwun mriku, ingkang damel rejanipun. Kathah tiyang   sami gegriya ngindhung wonten ingriku, sami nglurah dhateng Ki Gedhé Sala, sabab ingkang rigopèni lan ngreksa sarta nguwosani kuburan wau Ki Gedhé Sala. Dhusun Sala dados kedhung sumberipun tiyang dados pangupa jiwa.

 Dhusun Sala wiwit jaman Pajang, Mataram ngantos dumugi jaman Kartasura Akhir TERUS REJA. Rikala Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana II ing Kartasura kagungan karsa badhé pindhah Karaton, panjenenganipun lajeng utusan