Kaca:Babad Solo.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
16

Kyahi Gedhé Sala, bebekeling dhusun ngriku, kawenangaken mupu béya dhateng para saudagar ingkang sami lampah dagang, minangka pajeging bandar pelabuhan ingkang wonten ing dhusun Nusupan.

Sampun katerangaken bilih bandar punika saya dangu saya reja. Para pedagang sami sadé tinumbas ing dhusun Nusupan ngriku, sarta kathah ingkang sami anjrak gegriya nglanjak ngalèr ngilèn dumugi ing Baturana. Sasampunipun kendhang dumugi sanès nagari, nama BENGAWAN BETON lajeng santun nama, gantos nganggé namaning Bebekel ngriku, lajeng karan BENGAWAN SALA.

Dhusun Sala punika dados jujuganipun para sudagar saking pesisir bang wetan. Cetha bilih dhusun Sala dados pusering para dagang layar ingkang sami sasadéyan dhateng karajan ing Jawi Tengah.

Kacarios, ingkang dados cakalbakalipun dhusun Sala namanipun KI BAU REKSA (jaman pajang). Bau Reksa punika namaning abdidalem tukang utawi juru SOROH BAU, inggih punika pasok bausuku (utawi kuli) kanggé nyokapi kabetahaning Karaton, saben minggu sapisan, dipun gilir kirang langkung wonten tiyang cacah kawandasanan. Ing mangke Ki Bau Reksa wau nyepeng bandar palabuhan, dados inggih boten badhé kekirangan kuli kanggé bausuku nyokapi kabetahaning Karaton. Sang Prabu manawi nimbali Ki Bau Reksa wau ingkang dipun sebat namaning padamelanipun: SOROH BAU dipun cokak namung dados KI SOROH. Katelahing ngakathah lajen sami tiru-tiru. Kalèntuning pangucap dados mungel KI SALA.

Ingkang nama Ki Gedhé Sala punika wonten tiga: Ki Gedhé Sala I punika cakal bakalipun wonten dhusun nama Sala. Déne Ki Gedhé Sala kaping II punika anakipun Ki Gedhe Sala I. Nama nunggak semi ing bapa. Ki Gedhé Sala III punika anakipun Ki Gedhé Sala II. Dados kaliyan ke Gedhé Sala I punika kaleres putunipun.

Kacarios ing nagari Pajang wonten lelampahan ingkang badhé damel kuceming Karaton. Inggih punika putranipun Tumenggung MAYANG ingkang nama JAKA PASELAN ulah lambangsari kaliyan putri putradalem. Kacepeng wonten ing salebeting Kadhaton, lajeng katur Sang Prabu. Sang Prabu lajneg dhawuh nglunasi. Wangké lajeng kalarung wonten Kali Lawéyan. Sareng kéntir lajeng dumugi ing sakidul tempuraning Kali Pépé kaliyan Kali Jenes.