Kaca:Babad Solo.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

15

DHUSUN SALA KAPILIH DADOS KITHA PRAJA SURAKARTA
MITURUT PAMANGGIH KULA

Menggah dhusun ingkang nama Sala punika sampun wonten ing Keraton Pajang, nalika jamanipun Kangjeng Sinuwun Sultan Hadiwijaya. Kamisepuh bebekeling dhusun punika Ki Gèdhê Sala, pramila dhusunipun lajeng katelah karan nama dhusun Sala.

Dhusun Sala punika wiyar tebanipun; ingkang kanggé wates Kali kaliyan Bengawan. Ing sisih elèr Kali Pépé, ing sisih wétan BENGAWAN BETON, mangidul dumugi dhusun Nusupan; ingkang sisih kidul Kali Wingka, déné ing sisih kilèn watesing garisipun nénggak-ménggok: wiwit saking Kali Pépé wingking gedhung gambar hidup/bioskop Purbayan ing sapunika, mengidul terus dumugi Gadhing, terus mangidul tumugi Kali Wingka. Inggih punika ingkang dipun wastani wewengkon dhusun Sala.

Dhusun Sanasèwu sawétaning Bengawan Beton nalika jaman samanten ugi naté kacalonaken Karaton, nanging wurung boten saèstu.

Ing pojok kidul-wétanipun dhusun Sala wonten dhusun nama NUSUPAN. Punika bandar pelabuhanipun para sudagar nangkoda ingkang sami lelayaran dhateng Gresik lan Surabaya wongsal-wangsul medal ing Bengawan Beton.

Ing jaman Mataram dhusun Nusupan wau saya langkung ramé. Para sudagar saking Kuthagedhé ing Mataram manawi dhateng Gresik ugi medal ing dhusun Nusupan. Kawontenan makaten punika ngantos dumugi ing jaman Kartasura, tuwin ngantos dumugi Surakarta sadèrèngipun wonten sepur.

Dhusun Sala manggèn ing tangah ngaré ing papan ledhok, ingkang radi kathah rawanipun awit katrajang lèpèn, ngantos ngedhung dados kedhung. Pramila saben mangsa rendhengan temtu banjir.