Kaca:Babad Solo.pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

140

BAGUS SANJAYA INGKANG LAJENG DADOS PEPATIH-DALEM
(Pethikan saking Serat, Babad Ranggawarsitan)

BAGUS SANJAYA punika anakipun Ki Rangga Kartayuda ing dhusun Warung utari Waru, celak Gawok, kidul Pajang. Nalika saweg lahir sampun gadhah kalangkungan utawi kaelokan. Nalika ari-arinipun badhé dipun kethok, kadamelaken walad deling kados limrahipun bilih wonten bayi lahir. Nanging boten pasah. Dipun pagas mawi sakathahing dedamel ugi boten wonten ingkang nedhasi. Malah dipun cobi dipun gigit ing untu déning tiyang sepuhipun, meksa tanpa damel. Wasana lajeng dipun kèndèlaken kémawon. Nalika ngupakara jabang bayi ari-arinipun ugi dipun ukara. Nanging sareng sampun kala mangsanipun uwal, ari-ari wau saged pisah saking puser, nanging lajeng ical boten kantenan. Tiyang sepuhipun boten saged manggibaken. Dados kados carios wayang lampahan. Lairipun Gathutkaca. Jebul nalika jaman Kartasura wonten ba- yi lahir ingkang ari-arinipun dipun kethok kaliyan gegaman rupi-rupi boten saged nedhasi.

BAGUS SANJAYA wau umur sawindu sampun gadhah kalangkungan. Badanipun boten pasah tapak paluning pandhé. Saya ageng kalangkunganipun saya anèh. Piyambakipuh kasusra saged ngawonaken gajah. Naté mrithili kuku sarta siyunging macan namung kalayan tangan kémawon. Manawi dipun cakar déning sima ingkang dipun prithili wau, pangraosipun namung kados dipun kukur ing laré alit kémawon.

Jamanipun Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping III, saben wonten sima énggal, BAGUS SANJAYA lajeng kalebetaken ing kandhang sima. Ing sarèhning anggenipun kalebetaken dhateng kandhang sima wau sampun kekerepen, dangu dangu simanipun malah kami gilanen, rumaos kawon dhateng BAGUS SANJAYA.

BAGUS SANJAYA sareng sampun umur 35 tahun lajeng dados Pepatih dalem, kapatedhan nama Raden Adipati Sasradiningrat I

(kasambet ing kaca 131)