Kaca:Babad Solo.pdf/130

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

128

pun Legiun bilih tingalan jumenengan lan tingalandalem padintenan (Akad Wagé), panganggenipun namung padintenan. pun Boten mawi drèl tuwin mriyem. Pakurmatan gangsa ing jawi Pandhapi nabung gangsa Kodhok-ngorèk, manggen ing bangsal palataran sawétan régol ageng. Ajad-daem ambengan kados déné tingalan wiyosan Akad Legi; pinarakan-dalem ing Paringgitan. Pandhapi Ageng iring lèr Gambyongan.

Ingkang dhahar kembul sasarengan namung para Opsir. Ingkang dédé putra tuwin sadhèrèk-dalem manggèn ing ampèr Pandhapi ngandhap iring kilèn.

Bilih tingalan jumenengan tuwin wiyosan tahun, gangsa pakurmatan nyarengi ungeling drèl; sami gangsa Monggang, nanging manggenipun wonten ing Bangsal Balénangu, lajeng pindhah Bangsal Trisana kasebat ngajeng.

Tatananipun gangsa bilih wiyosan Akad Legi padatan ing Pandhapi sisih nginggil ing pojok kidul-wétan kempal kaliyan musik. Sarampungipun baris ing palataran, lajeng manggen ing ngandhap. Bilih jumenengan wulanan Akad Wagé, punapa déné tayungan siswa dinten Rebo kaliyan Setu sonten, gangsa manggen ing Pandhapi Ageng pojok lèr-wétan, boten mawi musik.

Bilih tingalan jumenengan punapa malih wiyosan tahun gangsa dados kalih panggénan, ingkang Sléndro. wonten ing sisih kilèn, ingkang Pélog wonten sisih wétan celak musik, ing èmper ngajengan ngandhap.

Bilih pasamuan handrawina, tatananing gangsa dados satunggal, manggèn ing ngajengan ngandhap tengah leres.

Bilih kagem lelangen manasuka, ngurmati tamu sapanunggilanipun ingkang sanès padatan, pasang pamanggening gangsa sakaparenging karsadalem.

* SANJATA ARTELAT

Wiwit tahun 1878 sanjata Legiun Mangkunagaran ingkang sawaunipun lantakan, kasantunan sanjata artelat; wewangunan saha agengipun taksih sami kados nalika taksih lantakan. Lestantun taksih mawi sangkuh lancip lingir tiga. Anggèn-anggèning prajurit Infanteri wewah sarémpang wacucal abrit, pirantos anggantungaken krega wadhah patlum