Kaca:Babad Solo.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

127

Saben ing Pura Mangkunagaran wonten pasamuan ageng mawi ngaturi Residèn, bidhalipun Residen mawi dipun pethuk Ajudan-dalem nitih karéta ageng dalah Dragunderipun kapalan. Wangsulipun ing Mangkunagaran Ajudan-dalem nunggil satitihan kaliyan Residen.

* LELANGEN MINANGKA TETINGALAN

Jaran samanten tetingalan ingkang kaget lelangen ing Pasamuan ageng Mangkunagaran inggih punika warni-werni Wirèng, kadosta: Karna Tinandhing, Wirapratama, Kératarupa, Palgunadi, Panji Klana, Bandabaya, Bugis, Kethèk, Bandayuda, Bandawala, Tamèng Subala, Lawung, lan sapanunggilanipun; Gambyongan, Seruban abdidalem metengan. Padintenanipun: kalènengan sendhon langenswara, gendrukan tuwin ringgit wacucal, Tetingalan barangan padintenan ingkang ajeg wonten ing salebeting kitha inggih punika: Topèng, Réyog, Telèdhèk Angklung, Trebang, Wayang Klithik.

Ing lebet Mangkunagaran kala-kala nanggap tetingalan mirunggan kadosta: kumidhi, Sulapan tuwin sanès-sanèsipun. Kori kabikak, kadamel tetingalan tiyang kathah.

* BAB IDIN

Panyuwunan idin tumrap sadé-tinumbas griya, jagongan, gadhah damel boten katur perintah nginggil, cekap rampung wonten ing kebayan utawi kepala kampung kemawon. Laporan gadhah bayi lan kesripahan ugi makaten. Ngedegaken griya, damel lotré bareng sarana kamainaken dhadhu, negor kitri, nanggap tetingalan lan sapanunggilanipun malah boten sisah nyuwun idin. Namung pangantèn tuwin laré tetak kedah lapur dhateng nagari.

* TATANAN PASOWANAN BILIH NUJU TINGALAN-DALEM

Tatanan pasowanipun para abdidalem punapa déné barisani-