Kaca:Babad Solo.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
125


  • GRIYA POS

Kala jamanipun Kangjeng Gusti kaping 1V ing marrgi -margi ageng bawah Mangkunagaran saben 5 pal (= 73 km) dipun wonteni griya ing satengahing margi ngantos nutupi radinan, karan griya pos. Kiwa tengen kanggé gedhogan jaran (kasingget), awit griya pos punika papan pakèndelanipun karétanipun para pangageng ingkang langkung ingriku. Griya pos punika antawisipun wonten ing Banyuanyar, Jurug, Karanganyar, Bangsri, Nambangan, Baturetna tuwin sanès panggénan malih.


  • SETAL SAKIT

Setal sakit punika papan kanggé ngupakara jaran ingkang sakit, ugi papan kanggé mendhem jaran ingkang pejah. Panggénanipun ing kampung Pasar Legi seelèr Kali Pépé.


  • PAKURMATAN DHATENG KANGJENG GUSTI

Saben-saben ing Pura Mangkumagparan wonten damel, pasamuan, jagongan, lelangan sasaminipun, miyosipun Kangjeng Gusti saking Dalem Ageng ajeg mawi kinurmatan ungeling gangsa; gendhingipun "Puspawarna" binarung pangeliking sendhon langenswara. Jegkar-dalem gangsa mungel “Ayak-ayakan” manyura.

Bilih nuju pasamuan mawi baris ageng, prajurit Legiun hurmat “Presenteer Geweer" binarung ungeling rusik “Wien Neerlandsch Bloed", tambur slomprèt sesarengan,

Samangsa Kangjeng Gusti tedhak ameng-ameng sajawining Cepuri/Pura ingkang boten sakaliyan garwa, namung kedhèrèkaken prajurit Dragunder kalih sami numpak kapal/jaran, anggrayung wingking titihan-dalem.

Nanging bilih anggènipun tedhak sakaliyan garwa, cacahipun Dragunder gangsal, tindhih Kopral, anjajari ngajeng kalih, wingking titihan tiga.

Bilih pasamuan ageng taun Raja ("Koningsdag" = HUT raja Walandi), Bakdan sapanunggilanipun, Dragunderipun.