Kaca:Babad Solo.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

124

Makaten ugi ing tembok ingkang adhakan, inggih sami kapasangan dilah sèwu. Sinawang saking katebihan katingal ambyar, mewahi asrining sesawangan sakiwa-tengenipun.

Panyumedipun dilah sewu punika tansah angsal kawigatosan saking masyarakat sakiteripun.

* UMBUL ING MANAHAN

Ing sisih kilen kitha watawis 1 pal tebihipun saking Pura wonten satunggaling umbul patilasan kina, nana Umbul Manahan, awit padunungan ngriku nama dhusun Manahan.

Sakidulipun umbul punika wonten pasanggrahanipun ageng rawi lotèng, kadamel saking tembok, kacarios iyasandalem Kangjeng Gusti kaping III. (séda tahun 1853)

Kala jamanipun Kangjeng Gusti kaping IV (1853-1881) Umbul Manahan punika nedheng ramé-raménipun kocap tiyang sanagari. Saben malem Jumuah, dinten Jumuah siyang tuwin Anggara kasih ajeg atusan tiyang jaler estri sami dhateng ngriku saperlu dus, dedupa, tuwin nenepi kanthi mbekta sekar borèh, nanging ugi kathah ingkang namung mlancong kémawon, awit jaman saranten papan kangge ngénggar-énggar manah kados déné Kebon Raja utawi Sriwedari déréng wonten. Ingkang sami dhateng boten ngétungaken tiyang Mangkunagaran kemawon; saking bawah kasunanan.ugi kathah ingkang merlokaken dhateng. Malah para luhur ugi wonten ingkang tedhak ing pasanggrahan Manahan; ameng-ameng, nyanjata utawi manawi nuju dinten padusan. Ingriku wonten recanipun séla satunggal wangun èstri, ing ngakathah dipun wastani "mBok Rara Item".

Padatan tiyang ingkang adus punika nyukani pituwas dhateng juru-kunci, kathahipun 2 dhuwit (arta kina) saben tiyang satunggal.

Sasampunipun jamanipun Kangjeng Gusti ingkang kaping IV Umbul Manahan punika sampun boten kocap malih, awit pasanggrahanipun sampun risak saking sampun sepuh. Ugi awit kasusul dumadosipun Kebon Raja utawi Taman Sriwedari.

Sajumenengdalem Kangjeng Gusti kaping VII sakilenipun Umbul dipun wonteni padusan Balekambang, nama "Tirtayasa" Tiyang ingkang mlebet Balékambang lan adus ing padusan punika sami kakéngingaken bayaran.