Kaca:Babad Solo.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

120

KAWONTENANIPUN RAKYAT MANGKUNAGARAN NALIKA TAHUN 1820 DUMUGI 1915

* BAB ANGGANTÈN, SISIG SARTA SES

Jaman samanten priyantun ageng alit dumugi rakyat pakakampungan sakitha Mangkunegaran-kajawi para luhur-jaler èstri: sami kalimrah ngulinakaken anggantèn (= nginang) tuwin sisig (= ngireng untu). Bangsa luhur ingkang kepareng nengenaken anggantèn nung setunggal kalih. Menging prakawis lathi (= ngireng untu) punapa déné ses (= udut) srutu, punika maratah; sadaya kepareng nengenaken.

Boten ngemungaken priyantun ingkang manganggé sandhengen Jawi kémawon ingkang ngulinakaken anggantèn nggalenyèh saben dinten serta anyemeng untu, nanging golongan Légiun (tentara) pisan nuju manganggé sandhangan cara Walandi, kathik inggih kathah ingkang ngulinakaken nginang sarta sisig.

Kalanipun saweg bidhal saking griya lumampah dhateng pasowanan, baris sapanunggilanipun, turut margi kaliyan anggantèn. Mangké salebetipun kèndel atawi ngaso ugi sami anggantèn.

Wonten satunggaling golongan abdidalem ingkang boten nginang utawi sisig saleninipun, inggih punika abdidalem Bethakan utawi mitihan; punika para ngulama ing rèh Kawedanan Yogiswara. Abdidalem golongan ngulama wekdal samanten, wiwit pangkat Suragama, Ketib, Muadin kalebet. Juru-serat, Wimbasara sapanunggilanipun, sapanginggil dumugi pangageng Raden Pangulu - watawis wonten tiyang cacah 150 - sadaya boten anggantèn lan boten sisig. Nabung ses rokok punika limrah; ing sedhéngah panggénan kathah ingkang ngulinakaken. Wontenipun sami boten anggantèn lan boten sisig, punika kabekta saking kuwajibanipun dados ngulema.