Kaca:Babad Solo.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
108

(nanging ing tembé dados gedhong bioskop, ngantos sapriki). Lajeng kasusul Pasarpon ingkang sisih kilèn, ugi kabangun dados gedhong wayang wong utawi kethoprak, namanipun "Sana Harsana" ingkang rikala dipun bikak resmi tgl. 18 Agustus 1933, dipun jenengi déning Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagoro VII.

Pasarpon lajeng dados ramé, awit kiwa tengen dados godhong tetingalan sadaya.

Ing wulan Desember 1948 rikala tentara Walandi mlebet kitha Sala, gedhong kalih wau dipun besmi, adamel sapérangan ngalami karisakan. Kalih-kalihipun bibar perang dipun bangun kadadosaken gedhong bioskop; ingkang wétan nama Dhady, ingkang kilèn nama Ura Patria, nanging umumipun tiyang nyebat cekakanipun, inggih menika UP.

Papan sisih wétanipun Jalan Diponegoro ing tahun 1939 kabangun dados peken/pasar déning pamarintah Mangkunagaran, dipun paringi nama Pasar "Tri-windu" kanggé mèngeti KGPAA Mangkunagoro VII anggènipun ngasta pusaraning Praja jangkep 24 taun utawi tri-windu.



---o0o---