Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


Lintang-lintang abyor ing tawang
Cumlorot sliweran nalika alihan
Dedunga marang tlatah Jawa Tengaku
Mugi subur, makmur supaya bisa dadi tlatah unggulan
Duh Gusti Ingkang Maha Arrahman-arrahim
Mugi tlatah Jawa Tengahku bisa nuntut marang panggonan
kamulyaan


101. Pangeurit: Sita Stya Harista 00000711

“Kepodhang Emas”

Atisé ing wayah isuk
Ora bisa gawé rasa tresnaku
Lunga marang sliramu

Saben isuk ngrungakaké swaramu
Kang bisa gawé ati tentrem

Nalika aku sesingidan
Ing sajeroning swara gamelan
Mung kagagahanmu sing péngén tak ngerténi

Kepodhang emas
Ana ngendi papanmu?
Sukmamu wis jilma maring katresnanku
Kayata Jawa Tengah lan sak budayané
Kang gawé ati iki bombong.

73