Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Semarang diparingi subur makmur dening Pangéran
Aku lan Semarang
Pancén awaké dhéwé iki
Diuripi lan diuripaké
Dening sing gawé urip
Sing rumeksa, mbok ya ngucap syukur
Mbok ya njaga kutha Semarang iki
Kutha kang ngancani anggéné seneng susah
Ora mung wong dhuwuran kang njaga
Nanging kabéh kudu bisa njaga Semarang
Aku lan Semarang.


92. Panggurit: Ananto 00000664

Endahing Ndéso Wayah Wengi

Wayah bengi lan sepi nyenyet......
Akéh kunang-kunang pating sliweran
Swara jangkrik ora mandheg-mandheg
Godhong-godhong padha gogrog siji lan siji
Aku ngadeg jejer sawetara
Ing wayah wengi
Ing désa adoh
Saka raméné kutha
Ora bakal dak lalékaké wayah wengi
Wektu kuwi
Ora bakal ana liyané ing
Sakjeroné jagad liyané
Wengi kuwi
Duh....Gusti Kang Maha Kuwasa
Ngunjukaké syukur mung bisa aku ucapna...

67