Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH


Rembulan....
Srengéngé....
Abyor dadi siji ing bumi Jawa Tengah.

Laladan kang ana pulau Jawa Tengah
Kalerap-lerap ijo royo-royo tan kasat mata
Banyu mili, mligi saka pegunungan dalah laut
Prasasat ora tahu kendhat, panyawangku.

Lola-laliné jaman édan iki.
Leluhur kudu dipengeti, najan wis mati.
Pinisepuh Jawa Tengah uga dipunsunggi jasanipun sepriki
Ojo lali sedulur sawiji.

Budi pekerti ojo dilalikaké.
Budi pekerti kudu dijunjung tinggi.
Amrih keadaan Jawa Tengah kang nyawiji
Gusti paring ijabahi.

Duh... Jawa Tengahku.
Dadi sing apik lan jaya napaki bumi iki
Masyarakat adil lan makmur kanggo bukti
Anané jawa Tengah saiki wis mukti.

Gemah ripah loh jinawi
Ukara kang wis trap ana ati
Semboyan kang diuri-uri
Kanggo Jawa Tengah kang mukti


79. Panggurit: Muh. Zaelani 00000100

Ndang Tangi

Bali ndésa mbangun ndésa
Kuwi sing dadi slogané

56