Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

66. Panggurit: Maida Halimah I. 00001023

Jawa Tengah

Pulau kang endah

Tentrem, damai lan resik

Kaéndahan alam kang tertata
Budaya dadi siji
Masyarakat kang rukun
Kabeh bisa nyatu dadi siji



67. Panggurit: Muh. Anang M. 00001022

Jawa Tengahku

Aku mijil ing kene
Aku sekolah ing kene
Anggonan caket aku cilik
Anggonan sing bakal tak eling-eling

Neng kene aku diajari bahasa Jawa
Diajari budaya Jawa
Dikenalke budaya Jawa
Dikenalke kabeh-kabeh babagan Jawa

Iki Jawa Tengahku
Anggonan sing tak banggake
Anggonan sing gawe tresna atiku
Anggonan sing tak anggep nomer siji

49