Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

56. Panggurit: Annisa Fatkha 00001039

Provinsi Kita

Suminar sang bagaskara
Nyorot megahing Candi Borobudur
Kang isih ngadek jejeg
Sanadyan yuswa wus atusan warsa

Endahing batik kang mbaduweni
Dadi asil warisan budaya
Kang kudu di lestarikake
Aja nganu dijupuk bangsa liya

Provinsi kita provinsi budaya
Provinsi kang kathah asil kabudayan
Provinsi kang paling tak tresnani



57. Panggurit: Shafira Husna 00001036

Kahanane Jawa Tengah

Neng ndeso kahanane adem ayem
Ora ana banjir lan longsor

Nanging tatanan ing kutha bubrah
Banjir gawé sengsara
Macet gawé sengsara
Hawane panas banget
Koyo tha arep kobong

Ayo kanca-kanca

Kita ....

43