Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/332

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Menyang ngendi kowe ninggalke aku?
Wayahe rinambah wengi...rikala aku kelangan tenan awakmu
Dak gawa awakku sing kuyu, ninggalke kutha Sala
Sing tansaya sepi.. menyang Terminal TirtonaDI ...
Tekadcku ... aku kudu bali menyang Wonogiri ... nglalekake
awakmu
Nganti saiki ... nganti salawase


485. Penggurit: Ita Nur Arifah 00000177

Kuthaku

Kutha endi sing panen lumpia, bandeng presto,
Wingko babat, wedang tahu, roti ganjel rel,
Ora liyo mesthine ya kuthaku
Kutha semarang

Apa ya ana, sing ngomong nganggo tembung
He'e “ik, ora “og”, piye “jal”, guedhine “pol”
Ora ana ta? Ya mesthi mung aku
Putraning kuthaku

Kuthaku kuwi kutha Atlas
Kutha endah kang mrajaki ati
Entul mentul ngedab-edabi
Kutha cilik kang sumilak mentes
Mandhegani Propinsi Jawa Tengah

Piye? Kepencut ora karo kuthaku?
Mulane visit to Semarang
Punjering kutha plesiran
Tugu Muda, Lawang Sewu, Kota Lama, Klenteng Sam Poo Kong,
Simpang Lima, ya mung ana neng Semarang,
Kuthaku

310