Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/321

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

465. Panggurit: Atif Nurcahyani 00000423

Jaga Jawa Tengah

Jawa Tengah
Salah sijiné provinsi ning Indonésia
Kang nduwéni budaya ingkang werna-werni
Kahanan kang apik
Ngengreng gantheng gagah prakasa
Jawa Tengah
Ayo padha wicaksana mbudidaya
Lan jaga budaya Jawa
Hara praja mrih raharja
Neggayuh harjaning bawana
 Ning Jawa Tengah aku dilairaké
Ning Jawa Tengah aku dighedékaké
Ning Jawa Tengah aku dipinteraké
Lan ning Jawa Tengah aku dididik
Mula Jawa Tengah iku akéh sejarahé


466. Panggurit: Ranum Anjar Kelasih 00000358

Kang mas, kang mas
Niki srikandimu wangsul
Nuntut ilmu dumugi Cina
Wangsul maring Jawa Tengah
Kepriwé angèlé ning kana
Isih angèl nèk aku bali arep ngapa
Aku urip dhèwèk nang kana
Tapi dongamu nantun aku

Dadi....

299