Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/314

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

455. Panggurit: Layla Rahmawati 00000062

Jawa Tengah Kang Dadi Katresnanku

Kerlinging netra samudra asmara
Endahing singgasanamu kawujud kaéndahan jiwa
Jembaring tata kramamu
Kacermin saka asoring lakumu

Kaluhuran bangsa gumantung ing polahing laku
Asoring pemimpin, tentrem kalaksanan

Kasimpen segudhang budaya
Awujud tumrap agung luhur
Leluasaning makarya dening putra-putri bangsa

Netesing eluh saking netra
Awujud empati dhumateng pamerintah
Prihatining generasi generasi ing pembangunan negeri

Dhuh Gusti, limpahaken rahmat dhumateng generasi
Jawa Tengah ingkang bangun inspirasi


456. Panggurit: Eri Kusuma indria Ningrum 00000058

Jawa Tengah
Sumribit angin wayah esuk
Anggawé adhem tanah Jawa iki
Lintang-lintang kang abyor ing wayang wengi
Madhangi jagad iki

Kebak budaya kang endah
Ngebaki jagad

292