Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Wis telung dina perih iki kawungkus andhap asorku, ajaran budi
Kang luhur saka batinmu

Nanging, keno opo atiku tansah sumeleh ing pundakmu, biyung
Aku ngerti, panjenengan mriksani raiku, uga ilining banyu mata
Sing saya dino saya ijo campur klawu
Penjenengan mireng, gendhing-gendhing rusak dadi lelayu
Panjenengan krasa getihku antarané abang lan biru klawu
Iki aku, biyung, aku sadurunge ninggal dongengmu

Yen aku kesrimpung aku duwé panjengan, biyung
Dudu getih kang biru
Dudu mripat kang klawu
Lilakna aku mangakat, biyung, ngrumat gendhingmu



10. Panggurit: Suparni   0000043

Jawa Tengah Ngrembaka

Bagaskara sumunar nyinari jagad Jawa Tengah
Gumelar ijone sesawangan katen endah lan edi peni
Mratandani kanugrahan sihipun Gusti kang murbeg dumadi
Jawa Tengah ayem tentrem lohjinawi
Bagas waras wargane awet plosok desa tumeka tengahing kutha
Panguripan ngrembaka siji mboko siji
Kabeh nyengkuyung lan memuji
Ngrembakane Jawa Tengah
Jawa Tengah lumaku nut lumakune jaman
Jawa Tengah ayem tentrem loh jinawi
Kabeh nyawiji gegandhengan ngunggulake Jawa Tengah
Jawa Tenah ngrembaka... ngrembaka... lan ngrembaka

9