Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/309

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Sinawang gawé adhem
Kabudayan maneka warna
Gegladhen nggayuh kapinteran
Amrih bisa lestari
Jati dhiri wargané tinemu
Para pangemban
Pangembating praja
Kiprah mring tanggung jawabé
Mugi kasembadan pragiané
Bali ndesa mbangun desa
Kawula mudhanéhayengkuyung
Kapribaden Jawi kang utama
Ayo pada sayuk saeka praya
Tansah dhemen wutah dharahé


449. Panegurit: Ludfiyatul Husni 00000186

Endahipun Jawi Tengah
Lemahmu kang hijau subur
Dadekake warna kang indah
Budaya kang khas lan melekat
Boten musnah
Mesthinipun ten Jawi wonten kedhik perbedaanipun
Namung rasa tresnaku boten sirna
Pesona wisata kang ragam
Ndadosaken daya tarik piyambakipun
Kathah turis kang singgah
Kang boten ngrasa bosen
Kabeh manungsa muji, bangga
Jawi Tengah...
Provinsi kang endah lan menawan

Berkembang .....

287