Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/306

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH


Lemah iki tinggalan leluhur kang ngabekti marang Gusti
Kanthi wujud saripati lemah Jawa

Aku... panjenengan lan kabeh mawa kanca
Jawa... kanthi iki aku tresna sliramu

Karakter Jawa...
Mawa njaga wibawa
Budaya Jawa manca budaya bekti marang Gusti
Katresnan Jawa Tengah kraket jroning manah..


445. Panggurit: Sity Chollyfah 00000189

Jawa Tengahmu, Jawa Tengahku

Sumilake pedhut ing angkasa
Bagaskara sumunar madhangi jagad
Angin esuk sumilir nambahi tentreming ati

Wong enom, wong tuwa
Wong cilik, wong gedhé
Wong sugih, wong ora duwe
Padha suka-suka golek penguripan
Kang wis cumepak ing donya

Tanah Jawa...
Tanah kang gemah ripah loh jinawi
Tanah Jawa...
Tanah kang kaperang dadi pirang-pirang provinsi
Nanging...
Tanah Jawa kang bisa dadi panguripanku
Sandhang pangan kanggo para rakyaté
Cumepak salawasé

284