Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/301

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Kanthi kembang melathi mesem marang ati
Kangge Jawi Tengah ingkang kula tresnani


439. Panggurit: Nuning Zaidah 00001054

Bali Deso Mbangun Deso

Aja..!
Aja
Mung golek ala
Metani tuma liya

Ben ya jenenge basa
Alokmu “piye Jawa Tengah”
Apa ra bisa ndedah?
Dipasang...?
Dadi slogan koq...
Bali ndeso mbangun ndeso
oapa a?
aapa o?
Aja salah !!
a iku kanggomu sing wis sinau
o iku...lha kaé...
akeh para manca kang teka
Bisane ya mung o...
Dudua
Lan...aja dumeh
Sapa ngerti ejaan kuwi ganti
Sebab basa ngrembaka!
Sing prayoga ayo...
slogan iki wujudna
Dadi Rum namaning Jawi
DInur....

279