Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/256

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

369. Panggurit: Luthfiannisa Rifani 00000345

Gurit Semarangan, Tegal Galau
Sepur Kaligung sing tak tumpaki kaé
Ékonomi, bisnis, nganti éksekutip
Mbiyèn mung limalas èwu
Ah, saiki kok skeet èwu
Rak ya pantes wong Semarang mbetahi
Aku waé durung kepingin bali
Nganti patang taun setengah
Gèk durung kepengin bali

Tegalku, sing tak tinggal
Èklasna, aku sanajan
Gela, galau rasané
Aku ora bakal Jali
Lilakna aku, aku wis kadung tresna Semarangmu
Ibukutha Jawa Tengahku


370. Panggurit: Mulia Tri Rahayu 00000349

Tanah Jawi
Jawi Tengah
Sliramu pancèn sampurna
Kula tresna marang sliramu
Kayata kula tresna marang sliraku
 Sliramu mènèhi kaéndahan
 Sliramu mènèhi kenyamanan
 Sliramu mènèhi sadayanipun
 Ingkang saged kula rasakaké
Tanah kang subur
Daèrah kang kesengsem
Ndamel dayaning ati rina lan wengi

234