Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/254

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


365. Panggurit: Marina Argian 00000366

Dialèkku Dialèkmu
Sanajan dialèkku kuwi béda kora dialèkkmu.........
Ning aku tetep mongkog nduwe dialèk asliku
Jalaran dialèkku kuwi ngapak-ngapak,
Dadi bisa ndadèkaké ciri khasku,
Panci kala-kala merga dialèkku ngapak-ngapak mesti dadi
Omongané wong-wong liya
Kamangka dialékku ya wis tak gawé wiwit aku lair ana ing
dunya.....
Kudu kepriyé supayané dialékku tetep diajéni ing dhaérahku
liya??
Aku tetep kepéngén tansah nguri-nguri dialèk saka dhaérahku
dhéwé,
Sanajan aku saiki isih mapan ing dhaérah liya
Merga aku kuwi tresna karo dialékku.........


366. Panggurit: Silvi 00000391

Pahlawan
Kaèndahan ing Pahlawan
Nakula Sadewa lan liyané
Dadikaké tambah indah
Pahlawan
Lampu-lampu wengi
Wong-wong lelungguhan
Ndadikaké keraméan ing Pahlawan

232