Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/252

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH


Muga pasinaonku ing pepundhèn ing Jawa iki
Tansah lestari budaya Jawa
Anggayuh mulyaning bangsa


361. Panggurit: Hadi Lukmanut Khakim 00000360

Provinsiku Tresnaku

Luhuring budi Jawa tresnaku
Tresna luhur marang provinsi
Jawa tresnaku
Jawa pakertiku

Setya tuhu ngrembakaning budi
Adhedhasar budi pakerti
Dadi pralambang setyaning ati
Setya marang budaya
Setya marang provinsi

Rasa tan kena luntur
Provinsiku,
Tresnaku marang sliramu.........
Tansah ngrembaka


362. Panggurit: Sofiyatun Khasanah 00000362

Ana Srengéné

Amarga urip iku nyakramanggilingan bebasané
Kang biyèn sepi saiki dadi ramé
Kang wengi gumuyu saiki metu tangisé
  Sumarah iku ora tegesé sepi rekadayané
  Isih ana srengéngé kang ngangetaké èsuk
  Nalika ceplok piring mekrok mangambar gandani

230