Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/243

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

346. Panggurit: Monika Candra Aifiani 00000298

Jawa Tengahku

Madeg ing madyaning pulau Jawi
Papan kang éndah warna-warni
Lampu-lampu kang cemlorot
Ing wayah wengi
Nambahi gregeté ati
   Yèn ngidhak papanku iki
   Mak pyoh rasané ati
   Sikil ora gelem jumangkah
   Nétra ora kedhip
   Gèdhèg-gèdhèg
   Kesemsem nyawang papan iki
Panyuwunku
Mugi papan iki
Bisa jaya-jaya wijayanti


347. Panggurit: Siti Koirotun N. 00000287

Jawa Tengah kang Tansah Tak Tresnani

Wiyaré bumi Jawa
Omah lan dalan kang tumata
Ijoné sawah kang bungahaké raga
Bebrayan kang sarwa mahadibyaya
   Jawa Tengah kang dadi pepujanku
   Bumi kalairan lan kaluargaku
   Papan panggonan kang wis nampa aku
Golèk pakaryan lan ilmu
Jawa Tengahku tansah dak jaga

Bebrayanmu .....

221