Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/211

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa


Jawa Tengah.....
Provinsi kang wiyar
Kang nduwéni pirang-pirang budaya lan tradhisi
Kaéndahan kang édipeni


288. panggurit: Bunga Candra 00000448

Tlatah Jawiku

Ayem tentrem kalbu
Napak ing tlatah ayu
Sumrebak arum hawa banyu
Clonètan peksi taksih karungu
   Tlatah Jawi
   Tlatah lestari
   Tumata giri
   Èndah Jan asri
Luhur priyayinipun
Kabudayan saha manunggul
Gesang sami guyup rukun
Sadaya sarwa adiluhung
  Tlatah Jawi
Tlatah lestari
Duh Gusti
Jagi tlatah iki

189