Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/209

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

284. Panggurit: Riyana Wati 00000437
Semarang Seksi kang Bisu

Semarang...
Provinsiné Jawa Tengah
Semarang
Kutha Atlas.......
Aman........
Tertib......
Lancar......
Asri......
Séhat.....
Kuwi slogané!
Pancén ya bener!
Kabéh padha ngerti
Najan dhisik during misuwur
Ning saiki wis kéthok makmur
Basa Jawa kang dadi basa ibu
Krama ngoko wujudé
Undha usuk.....tata karma
Minangka pathokané
Sing gawé majuning budaya iki
Kabéh duwékmu, kuthaku Semarang
Semarang kang dadi seksi
Ning namung seksi kang bisu
Bisamu mung meneng, tanpa bisa ngomong
Péngin njerit........malah mung pasrah





187