Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/192

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

253. Panggurit: Lilik Desi Meliana 00000544

Kahananmu Piyé Wong Bagus

Suwéné sliramu pamit
Aku mung tansah paring dunga
Aku ora bakal cidra lan lali
Marang sliramu, harjuna ing atiku
 Stasiun karaten kuwi
 Sing tak jujug
Minangka pangarepanku
Kapan tresnaku bali
Rina wengi aku mung ngenténi
Ngenténi mung ngenténi
Ora mung layangmu
Ora mung wartamu
Nam\nging balimu wong bagus


254. Panggurit: Yulisna Kurniawati 00000541

Jawa Tengah Tanah Kelairan

Ing kéné aku dilairaké
Aku di gedhékaké kanti rasa tresna
Ing tanah Jawa Tengah iki..........
Aku disekolahaké
Sekolah kanti bener
Golèk kapinteran
 Jawa Tengah.......
Tanah kelairanku......
Aku bangga urip ing Jawa Tengah

170