Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/174

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


220. Panggurit: Nur Khafidhoh 00000470

“Apa Kowé Perduli”

Sampah-sampah pacha tengglarah
Bocah-bocah cilik padha ngamén
Apa kowé kabéh perduli?
Apa kowé kabéh padha merhatikna?
 Anak-anak bangsa akéh sing ora sekolah
 Anak-anak bangsa akéh sing ora kopén
Apa kowé kabeh padha perduli?
Apa kowé kabéh padha merhatikna?
Ati iki ora kuat nahan...
Atiiki ora kuat mbayangaké...
Urip ora ana kemajuan.....
Urip ora ana perubahan....,
 Ayo padha perduli karo urip bangsa
 Ayo padha perduli karo nasib bangsa
Ayo padha tresna karo Jawa Tengah
Ayo padha bangun nasib jawa Tengah


221. Panggurit: Sabrina Umami 00000435

Kuthaku

Kerlap-kerlip gumebyar kaya ing langit
Kaya-kaya ora pernah surup
Dhuwur nyundhul langit
Ora kalah karo liyané
Ditata kanti saé
Sing nang dhuwur, tengah, lan ngisor:
bisa urip
 Kaé lho, kaé lho
 Apa padha ora péngén

152