Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/172

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Gudhangé seni, budaya, lan pariwisata
Tansah ngrungkepi budaya basa Jawa

Gemah ripah loh jinawi lan raharja
Tanahé subur apa kang tinandur sarwi tukul
Masyarakaté buyuh rukun padha akur
Adoh saka adigang adigung lan adiguna
Ora ninggalaké tuntunané agama

Bebrayan ngaurip tansah manggon ing tata susila
Tanah kelairanku kang dadi gegantilaning atiku
Aku ora bakal oncat saka awakmu, najan udan watu
Najan sakjabaning awakmu udan madu
Aku ora bakal keplayu
Jawa Tengaku kang adiluhung
Tansah ana telenging atiku


218. Panggurit: Shofa Farida 00000454

Seneng Beksa

Awaké kang kiyeng
Bangkékané nawon kemit
Uga agemané kang apik
Mangkana lagi jogét
Legak-legok kanti luwes
Kang gawé reméné ati
 Mangkana kaé kairing tabuh gamelan
Uga ésemané kang lagi beksa
Sinandhi bebarengan kang lagi jejogétan
Tabuh gamelan saben kethukan
Lan legak-legoké kang lagi beksa
Sangsaya jangkep lan éndah

150