Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/130

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

159. Penggurit: Hakim Lubis 00000760

Jawa Tengah Kudu Owah

Apa bener, sing manggon nang tengah iku pénak?
Apa bener, apa iku keblinger
Telu likur taun aku mapan nang Jawa Tengah
Saiki wus akèh sing owah
Saiki ora obah ora énthuk upah
Apa merga kahanan sing wis bubrah
Ning, kabèh maju munduré Jawa Tengah
ana ing tangané bocah-bocah
Yèn pancèn tresna
Ayo, padha sekolah
Ayo padha kuliah
Supaya padha énthuk berkah



160. Penggurit: Diajeng Wahyu 00000806

Kula Tresna Jawa Tengah

Sawektu kula ningali gedhong-gedhongnipun
Apik kokoh jejeg
Mboten mati dipangan jaman
Sawektu kula ningali kesenianipun
Kathah anéka ragam naming harmonis lan unik
Mengelitik sanubari tiyang manca kanggo mirsani
Sawektu kula ningali para manungsané
Kathah awit bahasa alus sing diucapna saking tiyang-tiyang manca
Bahasa biyung inggih menika bahasa Jawi
Sawektu kula ningali kuthanipun

108