Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Bali ndésa bangun ndésa
Salah sawijiné basa saking Jawa Tengah
Bali ndésa bangun ndésa
Salah sawijiné dasar lan cekelan kanggo kutha Semarang

Bali ndésa bangun ndésa ooh...
Bali ndésa bangun ndésa
Seratmu mung cendhak
Nanging maknamu jero


139. Panggurit: Fajar Dian Puspita 00000846

Jawi Tengah Jaya

Nyawang èndahing langit wengi
Ing kutha Jawi Tengah kang asri
Lintang lan rembulan nyawang sliraku
Ngèlingaké aku saiki Jawi Tengah wus maju

Jawi Tengah wus mulya, Jawi Tengah wus kaloka
Masyarakaté uga ayem, tentrem, lan prasaja
Muga dadiya kutha kang miguna ing praja
Jawi Tengah jaya, Jawi Tengah jaya


140. Panggurit: Noor Khayati 00000845

Gendhing

Wingi iki katon èndah
Angin sumilir ngadhemake ati
Lintang-lintang katon sumebyar
Kelap-kelip padhang jingglang

96