Esuk ing Sawah

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kangen Sekolah
[ 27 ]

Esuk ing Sawah

Dening : Farabiana Indira Pamungkas (9A)

Nalika swarane jago kluruk,
aku weruh esuk wis mampir
Bagaskara ingak-inguk saka sisih wetan
Manuk-manuk wiwit nembang kriak-kriuk
Mabur mrana-mrene kaya wong nari

Mlaku-mlaku ngrasakne swasana esuk
Keweruh tanduran katon ijo royo-royo
Entuk hawa seger lan semilir angin
Gawe pikiran tentrem lan ati seneng