Endahe Alam

Saka Wikisumber
Kangen Sekolah
[ 70 ]
Endahe Alam
Dening : Isa Alam Nur Aghsa (9D)

Yen mandheng alam iki ..
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Atiku dadi sumringah lan bungah

Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan sing kuasa
Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange dunya iki

Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestariane
Tanpa ngilangake kaendahane