Côndrarini, Pigeaud, 1953; bagian dari Piwulang Warni-warni III, Pigeaud, 1953
Ikhtisar: Ajaran untuk menjadi wanita yang baik dengan meneladani 5 wanita isteri Raden Arjuna dalam pewayangan (Wara Sumbadra, Manohara, Ulupi, Retna Gandawati dan Wara Srikandi).
Pakubuwana IX, Rêspati, 7 Jumadilakir (Miyarsakna trusing kang sabda narendra = 1792 A.J.), [Kamis, 19 November 1863 A.D.]
Didigitalisasi oleh http://sastra.org
1
kang agnya gita srinata
꧇꧑꧇
ꦏꦁꦲꦒ꧀ꦚꦒꦶꦠꦱꦿꦶꦤꦠ꧈
ing Surakarta nagari
ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦏꦂꦠꦤꦒꦫꦶ꧈
Pakubuwana ping sanga
ꦥꦏꦸꦧꦸꦮꦤꦥꦶꦁꦱꦔ꧈
mangun wasitaning èstri
ꦩꦔꦸꦤ꧀ꦮꦱꦶꦠꦤꦶꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈
ingkang cinitrèng ari
ꦲꦶꦁꦏꦁꦕꦶꦤꦶꦠꦿꦺꦁꦲꦫꦶ꧈
Rêspati tanggal ping pitu
ꦉꦱ꧀ꦥꦠꦶꦠꦁꦒꦭ꧀ꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸ꧈
Jumadilakir wulan
ꦗꦸꦩꦢꦶꦭꦏꦶꦂꦮꦸꦭꦤ꧀꧈
kang nêm Be sangkalèng warsi
ꦏꦁꦤꦼꦩ꧀ꦧꦺꦱꦁꦏꦭꦺꦁꦮꦂꦱꦶ꧈
miyarsakna trusing kang sabda narendra
ꦩꦶꦪꦂꦱꦏ꧀ꦤꦠꦿꦸꦱꦶꦁꦏꦁꦱꦧ꧀ꦢꦤꦫꦺꦤ꧀ꦢꦿ꧉
2
liring kang wiyata arja
꧇꧒꧇
ꦭꦶꦫꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦪꦠꦲꦂꦗ꧈
ujar ugêring pawèstri
ꦲꦸꦗꦂꦲꦸꦒꦼꦫꦶꦁꦥꦮꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈
kang winayuh dènnya krama
ꦏꦁꦮꦶꦤꦪꦸꦃꦢꦺꦤ꧀ꦚꦏꦿꦩ꧈
yogya ngupakarèng dhiri
ꦪꦺꦴꦒꦾꦔꦸꦥꦏꦫꦺꦁꦝꦶꦫꦶ꧈
manjêrnih mardi wèni
ꦩꦚ꧀ꦗꦼꦂꦤꦶꦃꦩꦂꦢꦶꦮꦺꦤꦶ꧈
wêwida gônda rum-arum
ꦮꦼꦮꦶꦢꦒꦤ꧀ꦢꦫꦸꦩ꧀ꦲꦫꦸꦩ꧀꧈
umarah ngadu warna
ꦲꦸꦩꦫꦃꦔꦢꦸꦮꦂꦤ꧈
winor ing naya mêmanis
ꦮꦶꦤꦺꦴꦂꦲꦶꦁꦤꦪꦩꦼꦩꦤꦶꦱ꧀꧈
mangèsthia ing rèh cumondhong ing karsa
ꦩꦔꦺꦱ꧀ꦛꦲꦶꦁꦫꦺꦃꦕꦸꦩꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦂꦱ꧉
3
awit jênênging wanodya
꧇꧓꧇
ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦶꦁꦮꦤꦺꦴꦢꦾ꧈
pêgat dènnya palakrami
ꦥꦼꦒꦠ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦚꦥꦭꦏꦿꦩꦶ꧈
nistha nir kadarmanira
ꦤꦶꦱ꧀ꦛꦤꦶꦂꦏꦢꦂꦩꦤꦶꦫ꧈
wigar dènira dumadi
ꦮꦶꦒꦂꦢꦺꦤꦶꦫꦢꦸꦩꦢꦶ꧈
sami lan mangun tèki
ꦱꦩꦶꦭꦤ꧀ꦩꦔꦸꦤ꧀ꦠꦺꦏꦶ꧈
kang badhar subratanipun
ꦏꦁꦧꦝꦂꦱꦸꦧꦿꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
punggêl kasêlan cipta
ꦥꦸꦁꦒꦼꦭ꧀ꦏꦱꦼꦭꦤ꧀ꦕꦶꦥ꧀ꦠ꧈
marma sagunging pawèstri
ꦩꦂꦩꦱꦒꦸꦔꦶꦁꦥꦮꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈
marsudia widadaning palakrama
ꦩꦂꦱꦸꦢꦮꦶꦢꦢꦤꦶꦁꦥꦭꦏꦿꦩ꧉
4
dèn kadi duk jaman purwa
꧇꧔꧇
ꦢꦺꦤ꧀ꦏꦢꦶꦢꦸꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦥꦸꦂꦮ꧈
garwane Sang Pandhusiwi
ꦒꦂꦮꦤꦺꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦸꦱꦶꦮꦶ꧈
kang kocap layang wiwaha
ꦏꦁꦏꦺꦴꦕꦥ꧀ꦭꦪꦁꦮꦶꦮꦲ꧈
lêlima ayu linuwih
ꦊꦭꦶꦩꦲꦪꦸꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈
tiga putrining aji
ꦠꦶꦒꦥꦸꦠꦿꦶꦤꦶꦁꦲꦗꦶ꧈
kang kalih atmajèng wiku
ꦏꦁꦏꦭꦶꦃꦲꦠ꧀ꦩꦗꦺꦁꦮꦶꦏꦸ꧈
pantês dadya tuladha
ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦢꦢꦾꦠꦸꦭꦝ꧈
èstri kang kanggêp ing krami
ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦁꦏꦁꦒꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦿꦩꦶ꧈
winursita dyah lima candraning warna
ꦮꦶꦤꦸꦂꦱꦶꦠꦢꦾꦃꦭꦶꦩꦕꦤ꧀ꦢꦿꦤꦶꦁꦮꦂꦤ꧉
5
kang sêpuh Wara Sumbadra
꧇꧕꧇
ꦏꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦮꦫꦱꦸꦩ꧀ꦧꦢꦿ꧈
saking Madura nagari
ꦱꦏꦶꦁꦩꦢꦸꦫꦤꦒꦫꦶ꧈
atmaja Sri Basudewa
ꦲꦠ꧀ꦩꦗꦱꦿꦶꦧꦱꦸꦢꦺꦮ꧈
ing warna ngrêsêpkên ati
ꦲꦶꦁꦮꦂꦤꦔꦽꦱꦼꦥ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦠꦶ꧈
sumèh kang netra lindri
ꦱꦸꦩꦺꦃꦏꦁꦤꦺꦠꦿꦭꦶꦤ꧀ꦢꦿꦶ꧈
pasaja ing driya tangguh
ꦥꦱꦗꦲꦶꦁꦢꦿꦶꦪꦠꦁꦒꦸꦃ꧈
sêmu kurang budaya
ꦱꦼꦩꦸꦏꦸꦫꦁꦧꦸꦢꦪ꧈
awijang dêdêg rêspati
ꦲꦮꦶꦗꦁꦢꦼꦢꦼꦒ꧀ꦉꦱ꧀ꦥꦠꦶ꧈
kuning wênês labête amung kapama
ꦏꦸꦤꦶꦁꦮꦼꦤꦼꦱ꧀ꦭꦧꦼꦠꦺꦲꦩꦸꦁꦏꦥꦩ꧉
6
tan pati ngadi busana
꧇꧖꧇
ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦶꦔꦢꦶꦧꦸꦱꦤ꧈
mangu kadung yèn lumaris
ꦩꦔꦸꦏꦢꦸꦁꦪꦺꦤ꧀ꦭꦸꦩꦫꦶꦱ꧀꧈
jatmika arang ngandika
ꦗꦠ꧀ꦩꦶꦏꦲꦫꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈
tan rêgu sêmune manis
ꦠꦤ꧀ꦉꦒꦸꦱꦼꦩꦸꦤꦺꦩꦤꦶꦱ꧀꧈
ririh tanduking angling
ꦫꦶꦫꦶꦃꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏꦶꦁꦲꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈
lumuh ing wicara sêndhu
ꦭꦸꦩꦸꦃꦲꦶꦁꦮꦶꦕꦫꦱꦼꦤ꧀ꦝꦸ꧈
amot mêngku aksama
ꦲꦩꦺꦴꦠ꧀ꦩꦼꦁꦏꦸꦲꦏ꧀ꦱꦩ꧈
tuhune pribadi pinrih
ꦠꦸꦲꦸꦤꦺꦥꦿꦶꦧꦢꦶꦥꦶꦤꦿꦶꦃ꧈
sêtyèng priya datan lênggana sakarsa
ꦱꦼꦠꦾꦺꦁꦥꦿꦶꦪꦢꦠꦤ꧀ꦊꦁꦒꦤꦱꦏꦂꦱ꧉
7
mring maru kadi sudara
꧇꧗꧇
ꦩꦿꦶꦁꦩꦫꦸꦏꦢꦶꦱꦸꦢꦫ꧈
rumêsêp tan walangati
ꦫꦸꦩꦼꦱꦼꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦭꦔꦠꦶ꧈
sanadyan kurang budaya
ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦏꦸꦫꦁꦧꦸꦢꦪ꧈
lêgawa anrus ing batin
ꦊꦒꦮꦲꦤꦿꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦧꦠꦶꦤ꧀꧈
winongwong widadari
ꦮꦶꦤꦺꦴꦔ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈
labêt kadangira Wisnu
ꦭꦧꦼꦠ꧀ꦏꦢꦔꦶꦫꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸ꧈
marma Sang Dananjaya
ꦩꦂꦩꦱꦁꦢꦤꦚ꧀ꦗꦪ꧈
pamêngkune sêmu ering
ꦥꦩꦼꦁꦏꦸꦤꦺꦱꦼꦩꦸꦲꦺꦫꦶꦁ꧈
marunira anggêpe sami nyuwita
ꦩꦫꦸꦤꦶꦫꦲꦁꦒꦼꦥꦺꦱꦩꦶꦚꦸꦮꦶꦠ꧉
8
myang raka Sri Baladewa
꧇꧘꧇
ꦩꦾꦁꦫꦏꦱꦿꦶꦧꦭꦢꦺꦮ꧈
miwah prabu Arimurti
ꦩꦶꦮꦃꦥꦿꦧꦸꦄꦫꦶꦩꦸꦂꦠꦶ꧈
kalangkung ing trêsnanira
ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤꦶꦫ꧈
marang Dyah Banoncinawi
ꦩꦫꦁꦢꦾꦃꦧꦤꦺꦴꦚ꧀ꦕꦶꦤꦮꦶ꧈
kadang èstri satunggil
ꦏꦢꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈
kapisah panggenanipun
ꦏꦥꦶꦱꦃꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
mila tansah anduta
ꦩꦶꦭꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦤ꧀ꦢꦸꦠ꧈
wau sang narendra kalih
ꦮꦲꦸꦱꦁꦤꦫꦺꦤ꧀ꦢꦿꦏꦭꦶꦃ꧈
tanya warta mring sang rêtna Madubrôngta
ꦠꦚꦮꦂꦠꦩꦿꦶꦁꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦩꦢꦸꦧꦿꦁꦠ
2. Dhandhanggula [ besut ]
1
garwa ingkang panênggak winarni
꧇꧑꧇
ꦒꦂꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦤꦼꦁꦒꦏ꧀ꦮꦶꦤꦂꦤꦶ꧈
apêparab Dèwi Manohara
ꦲꦥꦼꦥꦫꦧ꧀ꦢꦺꦮꦶꦩꦤꦺꦴꦲꦫ꧈
saking patapan wijile
ꦱꦏꦶꦁꦥꦠꦥꦤ꧀ꦮꦶꦗꦶꦭꦺ꧈
putranira Sang Wiku
ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦫꦱꦁꦮꦶꦏꦸ꧈
Manikhara ingkang palinggih
ꦩꦤꦶꦑꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦭꦶꦁꦒꦶꦃ꧈
wukir Tirtakawama
ꦮꦸꦏꦶꦂꦠꦶꦂꦠꦏꦮꦩ꧈
ing warna pinunjul
ꦲꦶꦁꦮꦂꦤꦥꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭ꧀꧈
kadi gambar wêwangunan
ꦏꦢꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂꦮꦼꦮꦔꦸꦤꦤ꧀꧈
netra jait antêng pamulune manis
ꦤꦺꦠꦿꦗꦲꦶꦠ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦼꦁꦥꦩꦸꦭꦸꦤꦺꦩꦤꦶꦱ꧀꧈
yèn paès wimbuh endah
ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦮꦶꦩ꧀ꦧꦸꦃꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃ꧉
2
nadyan ngusud yêkti maksih manis
꧇꧒꧇
ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦔꦸꦱꦸꦢ꧀ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦩꦤꦶꦱ꧀꧈
wônda luruh kang bahu awijang
ꦮꦤ꧀ꦢꦭꦸꦫꦸꦃꦏꦁꦧꦲꦸꦲꦮꦶꦗꦁ꧈
maya-maya sawangane
ꦩꦪꦩꦪꦱꦮꦔꦤꦺ꧈
amardapa ngênguwung
ꦲꦩꦂꦢꦥꦔꦼꦔꦸꦮꦸꦁ꧈
kuning wênês asêmu wilis
ꦏꦸꦤꦶꦁꦮꦼꦤꦼꦱ꧀ꦲꦱꦼꦩꦸꦮꦶꦭꦶꦱ꧀꧈
lir Hyang Pudhak sinurat
ꦭꦶꦂꦲꦾꦁꦥꦸꦝꦏ꧀ꦱꦶꦤꦸꦫꦠ꧀꧈
katon warnanipun
ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦂꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
tan pae pêpindhanira
ꦠꦤ꧀ꦥꦲꦺꦥꦼꦥꦶꦤ꧀ꦝꦤꦶꦫ꧈
andakara katawèng ing ima nipis
ꦲꦤ꧀ꦢꦏꦫꦏꦠꦮꦺꦁꦲꦶꦁꦲꦶꦩꦤꦶꦥꦶꦱ꧀꧈
rumamyang amradipta
ꦫꦸꦩꦩꦾꦁꦲꦩꦿꦢꦶꦥ꧀ꦠ꧉
3
anyunari ingkang sitarêsmi
꧇꧓꧇
ꦲꦚꦸꦤꦫꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦠꦉꦱ꧀ꦩꦶ꧈
kuciwane pan amung samatra
ꦏꦸꦕꦶꦮꦤꦺꦥꦤ꧀ꦲꦩꦸꦁꦱꦩꦠꦿ꧈
dene lugas gêgêlunge
ꦢꦺꦤꦺꦭꦸꦒꦱ꧀ꦒꦼꦒꦼꦭꦸꦔꦺ꧈
ananging maksih mungguh
ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦩꦸꦁꦒꦸꦃ꧈
sarwa ramping sranduning dhiri
ꦱꦂꦮꦫꦩ꧀ꦥꦶꦁꦱꦿꦤ꧀ꦢꦸꦤꦶꦁꦝꦶꦫꦶ꧈
marmanta kurang madya
ꦩꦂꦩꦤ꧀ꦠꦏꦸꦫꦁꦩꦢꦾ꧈
ing pambayunipun
ꦲꦶꦁꦥꦩ꧀ꦧꦪꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
lir tawon gung kang gumana
ꦭꦶꦂꦠꦮꦺꦴꦤ꧀ꦒꦸꦁꦏꦁꦒꦸꦩꦤ꧈
lambungira satata amilangoni
ꦭꦩ꧀ꦧꦸꦔꦶꦫꦱꦠꦠꦲꦩꦶꦭꦔꦺꦴꦤꦶ꧈
kadya sêkar kintaka
ꦏꦢꦾꦱꦼꦏꦂꦏꦶꦤ꧀ꦠꦏ꧉
4
lathi dhamis anggula sathêmplik
꧇꧔꧇
ꦭꦛꦶꦝꦩꦶꦱ꧀ꦲꦁꦒꦸꦭꦱꦛꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦶꦏ꧀꧈
rêkta kadya kang manggis karêngat
ꦉꦏ꧀ꦠꦏꦢꦾꦏꦁꦩꦁꦒꦶꦱ꧀ꦏꦉꦔꦠ꧀꧈
kengis dening wiragane
ꦏꦺꦔꦶꦱ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦮꦶꦫꦒꦤꦺ꧈
waja amiji timun
ꦮꦗꦲꦩꦶꦗꦶꦠꦶꦩꦸꦤ꧀꧈
rêntêt rampak ing pucuk kuning
ꦉꦤ꧀ꦠꦼꦠ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦸꦤꦶꦁ꧈
kumilat wor wicara
ꦏꦸꦩꦶꦭꦠ꧀ꦮꦺꦴꦂꦮꦶꦕꦫ꧈
wèh kêsar kang dulu
ꦮꦺꦃꦏꦼꦱꦂꦏꦁꦢꦸꦭꦸ꧈
sarwa lus sasolahira
ꦱꦂꦮꦭꦸꦱ꧀ꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦶꦫ꧈
yèn amèsem iriban arang kaèksi
ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦩꦺꦱꦺꦩ꧀ꦲꦶꦫꦶꦧꦤ꧀ꦲꦫꦁꦏꦏ꧀ꦱꦶ꧈
sinamun pangandika
ꦱꦶꦤꦩꦸꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉
5
têmbung arum rumakêt amanis
꧇꧕꧇
ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦫꦸꦩ꧀ꦫꦸꦩꦏꦼꦠ꧀ꦲꦩꦤꦶꦱ꧀꧈
tandukira angêngayuh driya
ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏꦶꦫꦲꦔꦼꦔꦪꦸꦃꦢꦿꦶꦪ꧈
bisa nuju ing karsane
ꦧꦶꦱꦤꦸꦗꦸꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦤꦺ꧈
priya myang marunipun
ꦥꦿꦶꦪꦩꦾꦁꦩꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
pinapangkat dènnya nglêgani
ꦥꦶꦤꦥꦁꦏꦠ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦚꦔ꧀ꦭꦼꦒꦤꦶ꧈
susila anoraga
ꦱꦸꦱꦶꦭꦲꦤꦺꦴꦫꦒ꧈
sêpi ing piangkuh
ꦱꦼꦥꦶꦲꦶꦁꦥꦁꦏꦸꦃ꧈
èngêt trahing dwijawara
ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦿꦲꦶꦁꦢ꧀ꦮꦶꦗꦮꦫ꧈
bêtah nglapa karêm ing bôngsa mastuti
ꦧꦼꦠꦃꦔ꧀ꦭꦥꦏꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦧꦁꦱꦩꦱ꧀ꦠꦸꦠꦶ꧈
asmara mring sasmita
ꦲꦱ꧀ꦩꦫꦩꦿꦶꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠ
3. Asmaradana [ besut ]
1
panêngah Dèwi Ulupi
꧇꧑꧇
ꦥꦤꦼꦔꦃꦢꦺꦮꦶꦈꦭꦸꦥꦶ꧈
atmajanirèng pandhita
ꦲꦠ꧀ꦩꦗꦤꦶꦫꦺꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠ꧈
Bagawan Kanwa wastane
ꦧꦒꦮꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦮꦮꦱ꧀ꦠꦤꦺ꧈
dhepok wukir Yasarata
ꦝꦺꦥꦺꦴꦏ꧀ꦮꦸꦏꦶꦂꦪꦱꦫꦠ꧈
endah rêspati warna
ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦉꦱ꧀ꦥꦠꦶꦮꦂꦤ꧈
liringe anunjung biru
ꦭꦶꦫꦶꦔꦺꦲꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦧꦶꦫꦸ꧈
sumorot kadi kartika
ꦱꦸꦩꦺꦴꦫꦺꦴꦠ꧀ꦏꦢꦶꦏꦂꦠꦶꦏ꧉
2
dhèmês luwês mêrak ati
꧇꧒꧇
ꦝꦺꦩꦼꦱ꧀ꦭꦸꦮꦼꦱ꧀ꦩꦼꦫꦏ꧀ꦲꦠꦶ꧈
kadya pratima rinêngga
ꦏꦢꦾꦥꦿꦠꦶꦩꦫꦶꦤꦼꦁꦒ꧈
sarêntêg bambang awake
ꦱꦉꦤ꧀ꦠꦼꦒ꧀ꦧꦩ꧀ꦧꦁꦲꦮꦏꦺ꧈
mawèh brôngta kang tumingal
ꦩꦮꦺꦃꦧꦿꦁꦠꦏꦁꦠꦸꦩꦶꦔꦭ꧀꧈
liringe pindha wulan
ꦭꦶꦫꦶꦔꦺꦥꦶꦤ꧀ꦝꦮꦸꦭꦤ꧀꧈
tan pêgat maasmu guyu
ꦠꦤ꧀ꦥꦼꦒꦠ꧀ꦩꦴꦱ꧀ꦩꦸꦒꦸꦪꦸ꧈
kengis kang waja gumêbyar
ꦏꦺꦔꦶꦱ꧀ꦏꦁꦮꦗꦒꦸꦩꦼꦧꦾꦂ꧉
3
antênge wêkasan kèksi
꧇꧓꧇
ꦲꦤ꧀ꦠꦼꦔꦺꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦏꦺꦏ꧀ꦱꦶ꧈
sumèh ing pamulunira
ꦱꦸꦩꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦩꦸꦭꦸꦤꦶꦫ꧈
pantês yèn amathêt lambe
ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦩꦛꦼꦠ꧀ꦭꦩ꧀ꦧꦺ꧈
ngiras mintonakên waja
ꦔꦶꦫꦱ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦏꦼꦤ꧀ꦮꦗ꧈
wangun tètèsing toya
ꦮꦔꦸꦤ꧀ꦠꦺꦠꦺꦱꦶꦁꦠꦺꦴꦪ꧈
kataman baskara nawung
ꦏꦠꦩꦤ꧀ꦧꦱ꧀ꦏꦫꦤꦮꦸꦁ꧈
lir tranggana mring sarkara
ꦭꦶꦂꦠꦿꦁꦒꦤꦩꦿꦶꦁꦱꦂꦏꦫ꧉
4
jaja wêlar wêwêg isi
꧇꧔꧇
ꦗꦗꦮꦼꦭꦂꦮꦼꦮꦼꦒ꧀ꦲꦶꦱꦶ꧈
gêmuh ingkang payudara
ꦒꦼꦩꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦪꦸꦢꦫ꧈
parigêl patrap solahe
ꦥꦫꦶꦒꦼꦭ꧀ꦥꦠꦿꦥ꧀ꦱꦺꦴꦭꦲꦺ꧈
kèwês wêdaling wicara
ꦏꦺꦮꦼꦱ꧀ꦮꦼꦢꦭꦶꦁꦮꦶꦕꦫ꧈
tinut liringing netya
ꦠꦶꦤꦸꦠ꧀ꦭꦶꦫꦶꦔꦶꦁꦤꦺꦠꦾ꧈
tandang tanduke rumêngkuh
ꦠꦤ꧀ꦢꦁꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏꦺꦫꦸꦩꦼꦁꦏꦸꦃ꧈
mring priya myang marunira
ꦩꦿꦶꦁꦥꦿꦶꦪꦩꦾꦁꦩꦫꦸꦤꦶꦫ꧉
5
bisa cawis angladèni
꧇꧕꧇
ꦧꦶꦱꦕꦮꦶꦱ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦤꦶ꧈
kang dadi karêming priya
ꦏꦁꦢꦢꦶꦏꦉꦩꦶꦁꦥꦿꦶꦪ꧈
myang putra cèthi sêdene
ꦩꦾꦁꦥꦸꦠꦿꦕꦺꦛꦶꦱꦼꦢꦺꦤꦺ꧈
marma wong sa-Madukara
ꦩꦂꦩꦮꦺꦴꦁꦱꦩꦢꦸꦏꦫ꧈
ajrih asih sadaya
ꦲꦗꦿꦶꦃꦲꦱꦶꦃꦱꦢꦪ꧈
suyud tur mawa kayungyun
ꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦠꦸꦂꦩꦮꦏꦪꦸꦔꦾꦸꦤ꧀꧈
prabawa wijiling tapa
ꦥꦿꦧꦮꦮꦶꦗꦶꦭꦶꦁꦠꦥ
1
garwanira Sang Parta sumêndhi
꧇꧑꧇
ꦒꦂꦮꦤꦶꦫꦱꦁꦥꦂꦠꦱꦸꦩꦼꦤ꧀ꦝꦶ꧈
ingkang cinariyos
ꦲꦶꦁꦏꦁꦕꦶꦤꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈
Rêtna Gôndawati kêkasihe
ꦉꦠ꧀ꦤꦒꦤ꧀ꦢꦮꦠꦶꦏꦼꦏꦱꦶꦲꦺ꧈
Sri Arjunayana kang sêsiwi
ꦱꦿꦶꦄꦂꦗꦸꦤꦪꦤꦏꦁꦱꦼꦱꦶꦮꦶ꧈
natèng Sriwadari
ꦤꦠꦺꦁꦱꦿꦶꦮꦢꦫꦶ꧈
ing warna pinunjul
ꦲꦶꦁꦮꦂꦤꦥꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭ꧀꧉
2
dêdêg ngrompyoh sarira nglêlêntrih
꧇꧒꧇
ꦢꦼꦢꦼꦒ꧀ꦔꦿꦺꦴꦩ꧀ꦥꦾꦺꦴꦃꦱꦫꦶꦫꦔ꧀ꦭꦼꦊꦤ꧀ꦠꦿꦶꦃ꧈
amradapa tinon
ꦲꦩꦿꦢꦥꦠꦶꦤꦺꦴꦤ꧀꧈
kuning wênês wingit pasêmone
ꦏꦸꦤꦶꦁꦮꦼꦤꦼꦱ꧀ꦮꦶꦔꦶꦠ꧀ꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺ꧈
antêng jatmika ruruh yèn angling
ꦲꦤ꧀ꦠꦼꦁꦗꦠ꧀ꦩꦶꦏꦫꦸꦫꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈
ing wiweka titi
ꦲꦶꦁꦮꦶꦮꦺꦏꦠꦶꦠꦶ꧈
kurang gujêngipun
ꦏꦸꦫꦁꦒꦸꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉
3
rema mêmak ngendrawila wilis
꧇꧓꧇
ꦫꦺꦩꦩꦼꦩꦏ꧀ꦔꦺꦤ꧀ꦢꦿꦮꦶꦭꦮꦶꦭꦶꦱ꧀꧈
ngrêrompyoh kang sinom
ꦔꦽꦫꦺꦴꦩ꧀ꦥꦾꦺꦴꦃꦏꦁꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀꧈
jôngga lumung wêlar pranajane
ꦗꦁꦒꦭꦸꦩꦸꦁꦮꦼꦭꦂꦥꦿꦤꦗꦤꦺ꧈
maya-maya lir cêngkir piningit
ꦩꦪꦩꦪꦭꦶꦂꦕꦼꦁꦏꦶꦂꦥꦶꦤꦶꦔꦶꦠ꧀꧈
anggandhewa gadhing
ꦲꦁꦒꦤ꧀ꦝꦺꦮꦒꦝꦶꦁ꧈
wijang baunipun
ꦮꦶꦗꦁꦧꦲꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉
4
wiragane anênangi brangti
꧇꧔꧇
ꦮꦶꦫꦒꦤꦺꦲꦤꦼꦤꦔꦶꦧꦿꦁꦠꦶ꧈
yèn lumampah alon
ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦭꦺꦴꦤ꧀꧈
mêmbat madya alêmês lambunge
ꦩꦼꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦩꦢꦾꦲꦊꦩꦼꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦧꦸꦔꦺ꧈
anglir tunjung lumenggang ing warih
ꦲꦔ꧀ꦭꦶꦂꦠꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦭꦸꦩꦺꦁꦒꦁꦲꦶꦁꦮꦫꦶꦃ꧈
kasilir ing angin
ꦏꦱꦶꦭꦶꦂꦲꦶꦁꦲꦔꦶꦤ꧀꧈
wèh gandanirarum
ꦮꦺꦃꦒꦤ꧀ꦢꦤꦶꦫꦫꦸꦩ꧀꧉
5
susilèng tyas sumawitèng laki
꧇꧕꧇
ꦱꦸꦱꦶꦭꦺꦁꦠꦾꦱ꧀ꦱꦸꦩꦮꦶꦠꦺꦁꦭꦏꦶ꧈
dumulur sapakon
ꦢꦸꦩꦸꦭꦸꦂꦱꦥꦏꦺꦴꦤ꧀꧈
kinawruhan maru sêsikune
ꦏꦶꦤꦮꦿꦸꦲꦤ꧀ꦩꦫꦸꦱꦼꦱꦶꦏꦸꦤꦺ꧈
winiweka winoran mêmanis
ꦮꦶꦤꦶꦮꦺꦏꦮꦶꦤꦺꦴꦫꦤ꧀ꦩꦼꦩꦤꦶꦱ꧀꧈
yèn rêngat pinlimping
ꦪꦺꦤ꧀ꦉꦔꦠ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦶꦁ꧈
ing wicara arum
ꦲꦶꦁꦮꦶꦕꦫꦲꦫꦸꦩ꧀꧉
6
wasis salir pakaryaning èstri
꧇꧖꧇
ꦮꦱꦶꦱ꧀ꦱꦭꦶꦂꦥꦏꦂꦪꦤꦶꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈
rêratus kêkonyoh
ꦉꦫꦠꦸꦱ꧀ꦏꦼꦏꦺꦴꦚꦺꦴꦃ꧈
widadari sang dyah pagurone
ꦮꦶꦢꦢꦫꦶꦱꦁꦢꦾꦃꦥꦒꦸꦫꦺꦴꦤꦺ꧈
winulangkên mring marune sami
ꦮꦶꦤꦸꦭꦁꦏꦼꦤ꧀ꦩꦿꦶꦁꦩꦫꦸꦤꦺꦱꦩꦶ꧈
mrih dadia kanthi
ꦩꦿꦶꦃꦢꦢꦏꦤ꧀ꦛꦶ꧈
ngladosi mring kakung
ꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦶꦩꦿꦶꦁꦏꦏꦸꦁ
5. Kinanthi [ besut ]
1
garwa kang pamêkasipun
꧇꧑꧇
ꦒꦂꦮꦏꦁꦥꦩꦼꦏꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
nama Sang Wara Srikandhi
ꦤꦩꦱꦁꦮꦫꦱꦿꦶꦏꦤ꧀ꦝꦶ꧈
saking nagari Cêmpala-
ꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦕꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧈
rêja ingkang asêsiwi
ꦉꦗꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦼꦱꦶꦮꦶ꧈
Sri Mahaprabu Drupada
ꦱꦿꦶꦩꦲꦥꦿꦧꦸꦢꦿꦸꦥꦢ꧈
ing warna tuhu linuwih
ꦲꦶꦁꦮꦂꦤꦠꦸꦲꦸꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧉
2
jênar pasariranipun
꧇꧒꧇
ꦗꦼꦤꦂꦥꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
kadi kancana sinangling
ꦏꦢꦶꦏꦚ꧀ꦕꦤꦱꦶꦤꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈
wadana nuksmèng sasôngka
ꦮꦢꦤꦤꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦺꦁꦱꦱꦁꦏ꧈
liringe galak amanis
ꦭꦶꦫꦶꦔꦺꦒꦭꦏ꧀ꦲꦩꦤꦶꦱ꧀꧈
budiman ingkang umulat
ꦧꦸꦢꦶꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦩꦸꦭꦠ꧀꧈
dhèmês dêdêge rêspati
ꦝꦺꦩꦼꦱ꧀ꦢꦼꦢꦼꦒꦺꦉꦱ꧀ꦥꦠꦶ꧉
3
gandhang kang wicara tanduk
꧇꧓꧇
ꦒꦤ꧀ꦝꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦫꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀꧈
gandês-kèwês ngêlayoni
ꦒꦤ꧀ꦢꦼꦱ꧀ꦏꦺꦮꦼꦱ꧀ꦔꦼꦭꦪꦺꦴꦤꦶ꧈
tulus raharjaning driya
ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦫꦲꦂꦗꦤꦶꦁꦢꦿꦶꦪ꧈
kalamun slanggapan angling
ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱ꧀ꦭꦁꦒꦥꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈
datan mawi tiningalan
ꦢꦠꦤ꧀ꦩꦮꦶꦠꦶꦤꦶꦔꦭꦤ꧀꧈
sinambi ngliling dariji
ꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦶꦔ꧀ꦭꦶꦭꦶꦁꦢꦫꦶꦗꦶ꧉
4
amung lawan kakungipun
꧇꧔꧇
ꦲꦩꦸꦁꦭꦮꦤ꧀ꦏꦏꦸꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
kalamun dèn andikani
ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶ꧈
patitis saulonira
ꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦱꦲꦸꦭꦺꦴꦤꦶꦫ꧈
cumondhong mapankên liring
ꦕꦸꦩꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦩꦥꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦭꦶꦫꦶꦁ꧈
sumèh asmu guyunira
ꦱꦸꦩꦺꦃꦲꦱ꧀ꦩꦸꦒꦸꦪꦸꦤꦶꦫ꧈
gumêbyar kang waja kengis
ꦒꦸꦩꦼꦧꦾꦂꦏꦁꦮꦗꦏꦺꦔꦶꦱ꧀꧉
5
narawung lir thathit barung
꧇꧕꧇
ꦤꦫꦮꦸꦁꦭꦶꦂꦛꦛꦶꦠ꧀ꦧꦫꦸꦁ꧈
tumêmpuh sumyar ngênèni
ꦠꦸꦩꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃꦱꦸꦩꦾꦂꦔꦼꦤꦺꦤꦶ꧈
curna prananirèng driya
ꦕꦸꦂꦤꦥꦿꦤꦤꦶꦫꦺꦁꦢꦿꦶꦪ꧈
marma lamun dèn ladosi
ꦩꦂꦩꦭꦩꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱꦶ꧈
marang Sang Rêtna Cêmpala
ꦩꦫꦁꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦕꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧈
Sang Parta sande anangkil
ꦱꦁꦥꦂꦠꦱꦤ꧀ꦢꦺꦲꦤꦁꦏꦶꦭ꧀꧉
6
lawan sukane sang ayu
꧇꧖꧇
ꦭꦮꦤ꧀ꦱꦸꦏꦤꦺꦱꦁꦲꦪꦸ꧈
maos sagung srat palupi
ꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦒꦸꦁꦱꦿꦠ꧀ꦥꦭꦸꦥꦶ꧈
kang sêkar Wisatikandhah
ꦏꦁꦱꦼꦏꦂꦮꦶꦱꦠꦶꦏꦤ꧀ꦝꦃ꧈
swara arum tan brêbêgi
ꦱ꧀ꦮꦫꦲꦫꦸꦩ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦽꦧꦼꦒꦶ꧈
kenyut sanggya kang miyarsa
ꦏꦺꦚꦸꦠ꧀ꦱꦁꦒꦏꦁꦩꦶꦪꦂꦱ꧈
yèn sampun dèn wursitani
ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦮꦸꦂꦱꦶꦠꦤꦶ꧉
7
bangkit mantês lan mêmangun
꧇꧗꧇
ꦧꦁꦏꦶꦠ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦼꦩꦔꦸꦤ꧀꧈
jumbuh ingkang busanadi
ꦗꦸꦩ꧀ꦧꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦸꦱꦤꦢꦶ꧈
tumrape marang salira
ꦠꦸꦩꦿꦥꦺꦩꦫꦁꦱꦭꦶꦫ꧈
ing warna tibaning wanci
ꦲꦶꦁꦮꦂꦤꦠꦶꦧꦤꦶꦁꦮꦚ꧀ꦕꦶ꧈
nyamlênge tan pindho karya
ꦚꦩ꧀ꦭꦼꦔꦺꦠꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏꦂꦪ꧈
dadya tuladaning èstri
ꦢꦢꦾꦠꦸꦭꦢꦤꦶꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧉
8
miwah marang para maru
꧇꧘꧇
ꦩꦶꦮꦃꦩꦫꦁꦥꦫꦩꦫꦸ꧈
rinasuk dipun slondhohi
ꦫꦶꦤꦱꦸꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦲꦶ꧈
nora keguh rinêngonan
ꦤꦺꦴꦫꦏꦺꦒꦸꦃꦫꦶꦤꦼꦔꦺꦴꦤꦤ꧀꧈
gopyak-gapyuk dèn srowoli
ꦒꦺꦴꦥꦾꦏ꧀ꦒꦥꦾꦸꦏ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦱꦿꦺꦴꦮꦺꦴꦭꦶ꧈
dadya nora bisa duka
ꦢꦢꦾꦤꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦢꦸꦏ꧈
lêjar lumuntur ingkang sih
ꦊꦗꦂꦭꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦃ꧉
9
puwara momong angugung
꧇꧙꧇
ꦥꦸꦮꦫꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦲꦔꦸꦒꦸꦁ꧈
marang Sang Rêtna Srikandhi
ꦩꦫꦁꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦱꦿꦶꦏꦤ꧀ꦝꦶ꧈
tuwin risang Dananjaya
ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦶꦱꦁꦢꦤꦚ꧀ꦗꦪ꧈
antuk babah dènira sih
ꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦧꦧꦃꦢꦺꦤꦶꦫꦱꦶꦃ꧈
nanging Sang Rêtna Cêmpala
ꦤꦔꦶꦁꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦕꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧈
tangèh yèn agêng kang galih
ꦠꦔꦺꦃꦪꦺꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦏꦁꦒꦭꦶꦃ꧉
10
awit wus waskithèng tuduh
꧇꧑꧐꧇
ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦮꦱ꧀ꦏꦶꦛꦺꦁꦠꦸꦢꦸꦃ꧈
dadya dènira malêsi
ꦢꦢꦾꦢꦺꦤꦶꦫꦩꦊꦱꦶ꧈
bêkti marang maratuwa
ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦩꦫꦁꦩꦫꦠꦸꦮ꧈
gumati mring Dèwi Kunthi
ꦒꦸꦩꦠꦶꦩꦿꦶꦁꦢꦺꦮꦶꦏꦸꦤ꧀ꦛꦶ꧈
pamunjunge sabên dina
ꦥꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦔꦺꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧈
sakarsane dèn turuti
ꦱꦏꦂꦱꦤꦺꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦠꦶ꧉
11
yeka caritaning dangu
꧇꧑꧑꧇
ꦪꦺꦏꦕꦫꦶꦠꦤꦶꦁꦢꦔꦸ꧈
èstri kang kanggêp ing krami
ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦁꦏꦁꦒꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦿꦩꦶ꧈
nalikaning jaman purwa
ꦤꦭꦶꦏꦤꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦥꦸꦂꦮ꧈
wus kawilang yèn utami
ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦮꦶꦭꦁꦪꦺꦤ꧀ꦲꦸꦠꦩꦶ꧈
marma yogya pinirida
ꦩꦂꦩꦪꦺꦴꦒꦾꦥꦶꦤꦶꦫꦶꦢ꧈
pakolèhe pinarsudi
ꦥꦏꦺꦴꦭꦺꦲꦺꦥꦶꦤꦂꦱꦸꦢꦶ꧉
12
pinangkat sakadaripun
꧇꧑꧒꧇
ꦥꦶꦤꦁꦏꦠ꧀ꦱꦏꦢꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
kang kanggo ing jaman mangkin
ꦏꦁꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦩꦁꦏꦶꦤ꧀꧈
ywa kongsi tanpa tuladan
ꦪ꧀ꦮꦏꦺꦴꦁꦱꦶꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦭꦢꦤ꧀꧈
buang caraning dumadi
ꦧꦁꦕꦫꦤꦶꦁꦢꦸꦩꦢꦶ꧈
bok manawa tibèng papa
ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦠꦶꦧꦺꦁꦥꦥ꧈
ina lupute pribadi
ꦲꦶꦤꦭꦸꦥꦸꦠꦺꦥꦿꦶꦧꦢꦶ꧉
13
dumrunuh kèh sami nutuh
꧇꧑꧓꧇
ꦢꦸꦩꦿꦸꦤꦸꦃꦏꦺꦃꦱꦩꦶꦤꦸꦠꦸꦃ꧈
kaduwunge angranuhi
ꦏꦢꦸꦮꦸꦔꦺꦲꦔꦿꦤꦸꦲꦶ꧈
sanadyan dipun pupusa
ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦱ꧈
jroning urip maksih eling
ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦺꦭꦶꦁ꧈
yèn kêna aja mangkana
ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦼꦤꦲꦗꦩꦁꦏꦤ꧈
bêcik rahayu lêstari
ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦫꦲꦪꦸꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶ