Bapak

Saka Wikisumber
Kangen Sekolah
[ 74 ]
Bapak
Dening : Salsabilla Davina Syifha (9D)

Bapak
Rino wengi nyambut gawe, tampa rasa lesu
Tansah kuat lan tanpa sambat
Mung kanggo aku

Pak niki anakmu
Kang durung saget nyenengke bapak
Kang durung saget nyenengke keluarga
Kang isih dados tanggunganmu Pak

Nanging bapak
Anakmu ora bakal nyerah Pak
Anakmu iki bakal banggakke bapak
Lan banggakke keluarga kabeh

Kanggo nyekel lintang ana ing langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wes ora bisa weruh
Ananging anakmu iki janji pak