Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Riyayaning Kabungahan Dipungkasi Nganggo Kasusahan

Saka Wikisumber

KACARITA kutha Yerusalèm katon asri kaya petamanan, rinengga-rengga lan pinajang-pajang nganggo gegodhongan lan kembang-kembang mancawarna; ing sadalan-dalan wiwit ing jero kutha nganti tekan sajabané kutha wong-wong padha ngedegaké tarub lan omah-omahan, direngga-rengga nganggo wohing kitri kang éndah-éndah, papahing kurma lan gegodhongané wit kang ngrempayak. Nalika iku wong Israèl kabèh lagi padha ngriyayakaké riyaya Tancebing tarub. Iki riyaya sing ramé lan gedhé dhéwé tumrap bangsa Israèl. Pitung dina lawasé wong Israèl padha manggon ana ing tarubé dhéwé-dhéwé lan padha olah kabungahan. Riyaya mau dianakaké saben taun sepisan samangsa wis rampung enggoné padha ngundhuhi pametuné bumi lan nglebokaké pametuning panutoné gandum lan pamipitané anggur lan lenga. Déné perluné riyaya mau supaya wong Israèl padha ngélingana yèn para leluhuré ing jaman kuna, sawisé dientasaké déning Allah saka ing tanah Mesir, padha nglembara ana ing ara-ara samun lan padha manggon ana ing tarub, apadéné padha ora duwé tanah pusaka lan ora duwé pametu gandum, anggur utawa lenga. Mulané bangsa Israèl kadhawuhan bungah-bungah ana ing riyayané mau.

Nanging sing dadi pusering karaméan iku tinemu ing padaleman suci. Ing kono wong Israèl padha saos kurban .... "Minangka saos panuwun sokur marang Allah!" ujaré wong akèh. Ing kono papan nglumpuké para imam, para ulama lan wong Farisi, yaiku jamhur-jamhuré bangsa Israèl. Ujaré wong akèh: "Wong-wong iku kalebu golongané wong pethingan, unusaning bangsa, kang padha ngabdi ana ing ngarsané Allah!" .... Ing kono tempuké wong golongan saka désa ngadésa sing padha ambyuk ing padaleman suci, perluné arep: nyaosaké pangabektiné marang Allah, arep nyuwun panglipur tumrap atiné sing kebak was sumelang déning dosané .... Mengkono ujaré wong akèh. Nanging apa iku mau kabèh nyata mengkono?

KOCAPA, wong golongan sing tanpa wilangan cacahé, ing semu padha nunggal karep lan nunggal rasa; kabèh padha takon: "Wongé ana ing ngendi? Apa Panjenengané wis rawuh? ...."

Para pangarepé bangsa Yahudi sing padha ngedir-ediraké kapinteran lan kamursidané, iya padha nakokaké apa Gusti Yésus wis rawuh ing Yerusalèm. Nanging enggoné padha takon mengkono iku padha ngemu rasa gething. Coba, yèn wani mlebu ing kutha Yerusalèm, iku bebasan: kuthuk marani sunduk; wis mesthi Gusti Yésus bakal dicepeng, lan yèn perlu disédani pisan, jalaran dianggep dadi guru panasaran.

Wong-wong Yahudi sing kawentar dadi umat kagungané Allah, sing jaréné padha ngibadah lan kadunungan kawicaksanan, ... wong-wong iku padha gething marang Putrané Allah.

Ing antarané wong golongan akèh kang padha ngrasani Gusti Yésus, pangucapé: "Iku wong becik!" Nanging ana uga kang duwé ujar mengkéné: "Ora, malah nasaraké wong golongan." Nanging enggoné padha nglairaké rasaning atiné iku ora wani ngeblak, waniné mung padha bisik-bisik, jalaran kabèh padha wedi marang para pangarepé wong Yahudi. Malah akèh uga kang padha rerasan yèn tuwa-tuwaning padaleman suci wis padha nyebar mata-mata sing padha momor-sambu karo wong golongan, padha kabubuhan nyepeng marang Gusti Yésus samangsa wani mlebu ing kutha Yerusalèm, lan yèn bangga, padha didhawuhi ngrampungi pisan.

Wong-wong sing asalé saka ing tanah Galiléa utawa wilayah liyané, iya padha takon-tinakon; "Wongé ana ing ngendi?" Mangka wong-wong mau padha ora ngerti pasang-gelaré para pangarepé wong Yahudi enggoné padha ngarah nyédani Gusti Yésus. Wong-wong mau enggoné padha takon-tinakon mung marga saka kepénginé weruh kaélokan lan ngrungu pangandikané Gusti Yésus. Mengkono uga ana wong sawetara sing padha takon-tinakon kaya wong liya-liyané, nanging enggoné takon mau marga saka gedhéning katresnané marang Gusti lan Guruné kang jumeneng Juru Slameté. Mèh saben wong ing kutha Yerusalèm padha ngucap-ngrasani Gusti Yésus, ana sing ala, ana uga sing becik.

Bareng wis nengahi riyaya, Gusti Yésus rawuh in Yerusalèm, terus minggah menyang ing padaleman suci, banjur memulang.

Memulang ana ing padaleman suci? .... Apa Gusti Yésus kaduk wani kurang deduga? Apa ora pirsa yèn kasugengané diancam déning sagolongané wong Yahudi sing padha ngendhem sengit? Apa ora sumelang yèn dilimpé temah diprajaya déning satru? Apa ora pirsa yèn para ulama lan para imam iku gedhé pangaruh lan pangwasané lan yèn wong golongan iku wataké mung èla-èlu baé? ....

Ing kono Gusti Yésus klawan tatag jumeneng ana ing tengahé wong akèh sarta memulang. Wong-wong sing padha kepéngin ngrungu piwulangé, banjur padha ngangseg maju nyelaki Gusti Yésus, Rabbi weton Nasarèt. Gusti Yésus ora kekilapan mungguh kang dadi rerasanané wong golongan, malah iya pirsa apa sing dadi gémbolané atiné, éwadéné Gusti Yésus ora kagungan rasa kuwatir babar pisan. Jalaran ora ana wong sing bisa nggepok Panjenengané samangsa durung tekan ing waktuné. Ing sajeroné riyaya Tancebing tarub Gusti Yésus durung tekan ing waktuné masrahaké sarirané. Nanging ing tembé yèn wis tekan ing waktuné, kira-kira ora antara suwé sapungkuré riyaya Tancebing tarub, — ing kono Gusti Yésus bakal nandhang sangsara, uga mbeneri ana karaméan ana ing kutha Yerusalèm. Nanging saiki durung tekan ing waktuné, mulané Gusti Yésus ora was utawa sumelang, lan klawan tatag memulang ing ngarepé wong golongan. Kersané Allah Sang Rama kang ana ing swarga mesthi bakal kaleksanan lan ora ana tumitah sing bisa ngowahi utawa ngalang-alangi.

Yèn disawang tata-lairé, Gusti Yésus katoné mung wong cilik lan prasaja baé, mangka wani jumeneng ana ing tengahé wong Yahudi sing padha manganggo pamèran. Ewadéné ing sanyatané Gusti Yésus jumeneng ana ing kono ngagem pangwasaning Ratu, pangandika kang mijil saka ing tutuké mesthi katampan ing kuping bablas tekan ing atiné wong, apadéné kawicaksanan sing didhawuhaké ora ana wong sing bisa mbantah utawa madoni.

Nanging ing salebeting galih Gusti Yésus ngembeng sungkawa, karana wong golongan, karana pokalé para wong ahli Torèt lan wong Farisi: wong-wong mau padha apal angger-angger tilarané nabi Musa lan padha rumangsa ngibadah ngabekti marang Allah, mulané padha kibir sumungah awit rumangsané wis pinter netepi surasaning angger-angger kabèh, mangka satemené wong-wong mau padha nyimpang adoh saka ing ngarsané Allah jalaran atiné padha ora sumuyud lan tresna marang Panjenengané. Trenyuhing galihé Gusti Yésus iya karana nguningani kaanané wong golongan sing ubyang-ubyung ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus lan sing padha seneng rerasan bab kaélokan lan pakaryané, nanging atiné padha ndableg lan padha ora wanuh, aja manèh pracaya marang Panjenengané. Dalang kaslametan wis kabuka tumrapé wong-wong mau, nanging émané wongé padha ora gelem ngambah ....

Mong-wong mau kabèh padha ora duwé kang kagawé nyantosakaké atiné sing tansah ketar-ketir sumelang déning dosa. Mangka rawuhé Gusti Yésus iku mbirat dosané lan ngluwari wong-wong mau saka ing paukuman, temah padha bisa ngrasakaké karahayon ing donya lan ing achérat .... Nanging wong-wong mau padha nampik lan nyatru Panjenengané.

Gusti Yésus wis rawuh ing jagad, nanging ora wanuh ing Panjenengané.

KOCAPA karaméan ing riyaya Tancebing tarub isih dibanjuraké. Para imam padha njupuk banyu saka ing blumbang padusan ing Siloam, banjur diesokaké ing sadhuwuring misbyah, binarung ing suraké wong akèh.

Wong golongan ngulukaké kekidungan pamuji sokur marang Allah. Banyu sing diesokaké ing misbyah ngélingaké Israèl marang lelakon ing jaman kuna, nalika Gusti Allah maringi banyu para leluhur sarana banyu kang mancur saka ing parang.

Nalika iku Gusti Yésus banjur nguwuh pangandikané: "Menawa ana wong kang ngelak, iku mareka ing Aku lan ngombéa!"

Wong sing pracaya marang Juru Slamet, iku bakal olèh karahayon kaya upamané wong sing ngelak banjur olèh banyu. Wong sing mengkono iku olèh pitulungan ing salawas-lawasé.

Para ulama lan para imam, bareng ngrungu pangandika kang mengkono mau, banjur padha muring-muring. Pangunandikané: "Wong iku mejanani temen nganti wani ngucap kang mengkono." Apa ora ana wong sing wani nyepeng? Ana ing ngendi wongé sing padha pinatah nyekel lan ngladèkaké wong Nasarèt iku? ....

ING dina wekasaning riyaya, ing palatarané padaleman suci didèkèki damar sèwu, yèn bengi disumedi kabèh, urubé pating klencar madhangi wong akèh sing lagi padha olah kabungahan. Ing kono Gusti Yésus banjur ngandika manèh marang wong akèh, dhawuhé: "Aku iki pepadhangé jagad; wong kang ngetut-buri Aku bakal ora lumaku ana ing pepeteng nanging nduwèni padhanging urip."

Damar sèwu sing padhang kencar-kencar wusanané bakal sirep; kabungahan lan sukan-sukan iku anané iya mung sedhéla .... Nanging sapa sing padha pracaya marang Gusti Yésus iku nduwèni kabungahan kang langgeng.

Pangandikané Gusti Yésus mengkono mau ndadèkaké para imam padha gregeten atiné. Wah, wani-waniné Rabbi saka Nasarèt iku muni mengkono. Mangka wong golongan padha ora mèngèng saka ing ngarsané, lan ngrungu kabèh kang diwulangaké ana ing edhèngan, apadéné padha rerasan bab Panjenengané. Yèn terus kaya mengkono kaanané, suwé-suwé wong golongan kèlu kabèh marang Guru anyaran iku, lan nglirwakaké para imam lan ulama liya-liyané. Para pangarepé wong Yahudi saiki mung padha takon-tinakon: "Ana ing ngendi ta wong-wong sing padha duwé bubuhan nyekel lan ngladèkaké guru panasaran iku? Wong-wong sing digolèki mau, padha bali legèh sarta pada matur: "Salaminipun dèrèng naté wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!" Senajan ana krentegé wong-wong mau arep nyekel Panjenengané, nanging ora ana siji baé kang nganti ngranggèh marang sarirané.

Ésuké para pangarepé wong Yahudi banjur padha marek marang ngarsané Gusti Yésus arep saraséhan karo Panjenengané. Gusti Yésus dikrubut pitakonan sing nylekit-nylekit, malah diunèk-unèkaké yèn kepanjingan dhemit .... Atiné wong-wong mau saya suwé saya panas lan saya kemropok, jalaran ora bisa ngalahaké pangandikané Gusti Yésus.

Lan ing wusanané bareng wis ora kuwat ngampah atiné, wong-wong Yahudi mau banjur padha njupuki watu arep dienggo mbenturi Gusti Yésus. Yèn dikrutugi pitakonan Gusti Yésus ora ambruk, banjur arep dikrutugi watu supaya ndadèkaké sédané.

Nanging Gusti Yésus banjur nyamaraké sarira, tedhak saka ing padaleman suci, nratas ing tengahé wong akèh tanpa kaweruhan. Watu siji baé ora ana sing tumama ing sarirané.

Jalaran pancèn durung tekan ing waktuné.

RIYAYA Tancebing tarub iku kuduné dadi riyayaning kabungahan lan pamuji sokur marang Allah, adedhasar kamursidan lan katresnan kang sejati.

Nanging apa iku mau kabèh nyata mengkono?